Karodene misbyah iku iya sira etrapana gelangan mas kaprenah ana ing sangisore plisir; sira etrapna ing sisihe misbyah ing kiwa lan tengen, kanggo slobokane pikulan samangsa kausung.
Misbyah padupan iku sira prenahna ing sangarepe geber kang kanggo ngaling-alingi pethi angger-angger, ing sangarepe tutup pangruwatan kang ana ing sadhuwure papan angger-angger, iya ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira.