Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:4 - Kitab Sutji

4 Karodene misbyah iku iya sira etrapana gelangan mas kaprenah ana ing sangisore plisir; sira etrapna ing sisihe misbyah ing kiwa lan tengen, kanggo slobokane pikulan samangsa kausung.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:4
8 Iomraidhean Croise  

Karodene sira gawea gelang mas cithakan patang iji padha kapasanga ing pojokane papat, dadi ing iringan kenene ana gelangane loro, lan ing iringan kanane ana gelangane loro.


Pikulan iku padha kaslobokna ing gelangan kang ana ing iringane pethi, dianggo nggotong pethine.


Gelangane padha pepetna ing wengku, kanggo slobokane pikulan kang kanggo ngusung mejane.


Blabag-blabage padha sira lapisana mas, lan gelangan kanggo slobokan kendhit iku iya mas, kendhite iya padha sira lapisana mas.


Lan maneh sira gawekna krawangan tembaga adhapur jala, krawangan iku ing pojoke papat pisan sira wenehana gelangan tembaga patang iji,


Pikulane kaslobokna ing gelangane, dadi samangsa misbyahe diusung, pikulan iku padha ana ing lambunge misbyah kiwa-tengen.


Iku kablongsonga ing mas murni, iya papane ing dhuwur, iya sisih-sisihe mubeng apadene sungune, sira wenehana plisir mas mubeng.


Anadene pikulan kang sira gawe iku kayu sittah kang kablongsong mas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan