Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:34 - Kitab Sutji

34 Sarta maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira njupuka wangen-wangen, yaiku: tlutuh damar, kulit kayu lokan lan blendok rasamala, wangen-wangen iku kacampura kalawan menyan tulen, siji-sijine padha akehe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:34
20 Iomraidhean Croise  

nyawisi Tobia mau kamar kang gedhe. Maune kamar iku kanggo nyimpen dhaharan, menyan lan piranti-piranti, apadene pisungsung prasapuluhan tumrap gandum lan anggur sarta lenga kang dadi hake para wong Lewi, para pasindhen, para jaga gapura, tuwin pisungsung mligi kang kanggo para imam.


lenga kanggo padamaran, anggi-anggi kanggo lenga jebad lan kanggo dupa,


“Sira njupuka bumbu-bumbu pilihan, blendok mur cuwer limang atus sekel, lan manis jangan kang wangi bobote separone iku, dadi rong atus seket sekel, dringo wangi rong atus seket sekel,


Sapa kang gawe lenga adon-adone padha kaya iku, lan ngusapake ing awake wong lumrah, iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”


Kabeh mau sira dadekna dupa, dadi campuran bumbu-bumbu kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu, nganggo diwori uyah, tanpa campuran liyane, dadia suci.


Harun ngobonga dupa kang wangi ana ing misbyah mau saben esuk, samangsa ngresiki damar-damar.


lenga jebad lan dupa wangi kanggo ing pasucen; iku kabeh kudu kagawe miturut plek kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.”


misbyah padupan dalah pikulane, lenga jebad lan dupa saka bumbu kang wangi; klambu lawanganing Tarub Suci;


Karomaneh iya gawe lenga jebad kang suci, lan dupa murni, kang kagawe bumbu-bumbu kang wangi, kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu.


Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun kaya kumebuling kukus kasaput ing wangining mur lan menyan lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?


Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun, tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira. Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan, sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan.


banjur njupuka padupan kaisenana mawa mengangah saka ing misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah nganti kebak, apadene njupuka dupa racikan wangi kang alus rong gegem digawaa lumebu menyang ing saburine geber.


“Manawa ana wong kang arep nyaosake kurban arupa kurban dhaharan marang Pangeran Yehuwah, kurbane iku kudu rupa glepung pilihan nganggo diesoki lenga sarta ditumpangi menyan,


Iku sira kanthenana lenga lan sira tumpangana menyan, iku dadi kurban dhaharan.


Saben satumpuk dokokana menyan kang tulen; menyan iku dadia pangenget-enget tumrap ing roti mau, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.


Nanging saupama wong mau ora bisa ngaturake manuk deruk loro utawa piyik dara loro, kang disaosake minangka kurban marga saka anggone dosa iku arupa glepung kang becik dhewe saprasepuluh efa kanggo kurban pangruwating dosa. Ora kena diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awit iku kurban pangruwating dosa.


Anadene Eleazar anake Imam Harun, bubuhane ngreksa lengane padamaran, dupa wangen-wangen, kurban dhaharan ajegan sarta lenga jebad; uga kuwajiban ngreksa Tarub Suci lan saisine kabeh, yaiku barang-barang kang suci lan sapirantine kabeh.”


piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa,


Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan