32 Aja nganti diesokake ing awake wong lumrah, lan sira aja gawe lenga kang kaya mangkono iku kalawan nganggo adon-adon padha kaya iku; awitdene iku lenga kang suci, iya sira anggepa suci.
Iku mau kabeh kagawea lenga jebad kang suci, adon-adon arum kang kagawe kalawan ngati-ati kaya gaweane juru masak lenga, iku dadia lenga jebad kang suci.
Karodene wong Israel padha sira kandhanana bab dhawuhingSun mangkene: Iki Suntetepake dadi lenga jebad kang suci kagem Ingsun ana ing antaranira turun-tumurun.
Anadene kang dadi imam agung ana ing antarane para sadulure, kang wus kaesokan lenga jebad sirahe lan wus katetepake kalawan dianggoni sakehe sandhangane suci, iku aja nganti ngore rambute lan aja nyuwek sandhangane.
“Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”