Sira ndhawuhana marang sakehe para ahli, kang wus Sunesoki rohing kawasisan, padha konen gawe sandhangane Harun, kanggo nucekake dheweke, supaya dadia imam lumados marang Ingsun.
Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.
Karodene wong Israel padha sira kandhanana bab dhawuhingSun mangkene: Iki Suntetepake dadi lenga jebad kang suci kagem Ingsun ana ing antaranira turun-tumurun.
nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”
Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.
Karodene Nabi Musa iya mundhut lenga jebad mau sathithik lan getih kang ana ing misbyah sathithik, dikepyurake ing sarira lan pangagemane Rama Harun dalah para putrane. Dadi Rama Harun lan pangagemane, para putrane dalah pangagemane padha kasucekake kalawan patrap mangkono iku.