Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:3 - Kitab Sutji

3 Iku kablongsonga ing mas murni, iya papane ing dhuwur, iya sisih-sisihe mubeng apadene sungune, sira wenehana plisir mas mubeng.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:3
8 Iomraidhean Croise  

Kamar pungkuran iku dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, dhuwure rong puluh asta. Iku kalapis ing emas lembaran, ing ngarepe kadokokan misbyah kayu eres.


Padaleman mau warata kalapisan emas, iya padaleman iku sakabehe; misbyah ing sangarepe kamar pungkuran iku uga kalapis emas.


Sang Prabu Suleman uga dhawuh yasa sakehing prabote padalemaning Sang Yehuwah, yaiku misbyah emas lan meja emas kanggo nyelehake roti sesaosan;


Pethi iku sira lapisana mas murni ing jero lan ing jabane, sarta ing dhuwur mubeng sira wenehana plisir mas.


Meja iku sira lapisana mas murni sarta wenehana plisir mas mubeng.


dawane saasta, ambane iya saasta, dadi pesagi nanging dhuwure rong asta; sungune iras-irasan karo misbyahe.


Karodene misbyah iku iya sira etrapana gelangan mas kaprenah ana ing sangisore plisir; sira etrapna ing sisihe misbyah ing kiwa lan tengen, kanggo slobokane pikulan samangsa kausung.


Banjur ana malaekat liyane kang jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan menyan akeh supaya dianggoa cecaosan bebarengan karo pandongane para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepe dhampar iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan