Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:25 - Kitab Sutji

25 Iku mau kabeh kagawea lenga jebad kang suci, adon-adon arum kang kagawe kalawan ngati-ati kaya gaweane juru masak lenga, iku dadia lenga jebad kang suci.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:25
18 Iomraidhean Croise  

Imam Zadhok wus ngasta sungu isi lenga saka ing tarub, Sang Pangeran Suleman banjur jinebadan. Sawuse mangkono kalasangka nuli kaunekake sarta rakyat padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu Suleman!”


Ana imam sawatara kang kawajiban nyawisake campuran anggi-anggi.


Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah kang ndlewer marang jenggot, kang ndlewer marang jenggote Imam Harun lan marang guloning jubahe.


Sampun nate wonten pangandika Paduka sarana wahyu dhateng para tiyang ingkang Paduka kasihi, suraosipun: “Ingsun wus maringi makutha marang sawijining pahlawan, sawijining wong pilihan wus Sunjunjung saka ing antarane bangsa iku.


Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.


Getih kang ana ing misbyah iku kajupuka sathithik karo lengane jebad sathithik, sira kepyurna marang Harun lan ing sandhangane, sarta uga marang anak-anake lan sandhangane. Marga saka mangkono Harun lan sandhangane, banjur bakal dadi suci, samono uga anak-anake lan sandhangane.


Sawuse mangkono sira njupuka lenga jebad kaesokna ing sirahe, dadi sira jebadana.


kayu teja limang atus sekel, ditimbang miturut sekel suci, lan lenga jaitun sa-hin.


Aja nganti diesokake ing awake wong lumrah, lan sira aja gawe lenga kang kaya mangkono iku kalawan nganggo adon-adon padha kaya iku; awitdene iku lenga kang suci, iya sira anggepa suci.


Kabeh mau sira dadekna dupa, dadi campuran bumbu-bumbu kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu, nganggo diwori uyah, tanpa campuran liyane, dadia suci.


misbyah padupan dalah pikulane, lenga jebad lan dupa saka bumbu kang wangi; klambu lawanganing Tarub Suci;


Karomaneh iya gawe lenga jebad kang suci, lan dupa murni, kang kagawe bumbu-bumbu kang wangi, kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu.


Nuli sira njupuka lenga jebad, Tarub Suci dalah saisine padha sira jebadana; mangkono anggonira nucekake iku dalah sapirantine, satemah padha dadia sengkeran.


Laler kang mati njalari mambune lenga jebad gaweane si tukang gawe lenga jebad; mangkono uga kabodhoan sathithik bae iku dayane ngluwihi kawicaksanan lan kaurmatan.


Sawuse mangkono Nabi Musa banjur mundhut lenga jebad, kaagem njebadi Tarub Suci lan saisine kabeh padha disucekake.


“Sira ngajaka Harun lan para anake lan njupuka panganggone lan lenga jebad, apadene sapi lanang kurban pangruwating dosa, wedhus gibas lanang loro, sarta kranjang kang isi roti tanpa ragi,


sarta parepataning umat ngluwarana kang gawe pati iku saka ing tangane wong kang wenang males, lan dibalekna dening parepatan mau menyang ing kuthane pangungsen, kang wus diungseni; nuli tetepa manggon ana ing kono nganti sasedane Imam Agung kang wus kajebadan kalawan lenga suci.


“Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka, pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka kaliyan lisahing kabingahan, nglangkungi para kanthi Paduka.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan