Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:23 - Kitab Sutji

23 “Sira njupuka bumbu-bumbu pilihan, blendok mur cuwer limang atus sekel, lan manis jangan kang wangi bobote separone iku, dadi rong atus seket sekel, dringo wangi rong atus seket sekel,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:23
20 Iomraidhean Croise  

Imam Zadhok wus ngasta sungu isi lenga saka ing tarub, Sang Pangeran Suleman banjur jinebadan. Sawuse mangkono kalasangka nuli kaunekake sarta rakyat padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu Suleman!”


Saperangan gaweane ngurus piranti-piranti, yaiku sakehing prabot ing pasucen sarta ngurus glepung kang becik dhewe, anggur, lenga, menyan lan bumbu-bumbu.


Ana imam sawatara kang kawajiban nyawisake campuran anggi-anggi.


Panjenengan dalem resep dhateng kaadilan saha gething dhateng duraka; mila Gusti Allah, Allah paduka sampun njebadi panjenengan dalem kalayan lisah minangka tandhaning kabingahan nglangkungi para mitra golongan dalem.


lenga kanggo padamaran, anggi-anggi kanggo lenga jebad lan kanggo dupa,


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:


kayu teja limang atus sekel, ditimbang miturut sekel suci, lan lenga jaitun sa-hin.


lenga jebad lan dupa wangi kanggo ing pasucen; iku kabeh kudu kagawe miturut plek kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.”


bumbu-bumbu tuwin lenga kanggo padamaran, kanggo lenga jebad lan kanggo dupa wangi.


Karomaneh iya gawe lenga jebad kang suci, lan dupa murni, kang kagawe bumbu-bumbu kang wangi, kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu.


Patileman kula sampun kula sebari: mur, gaharu kaliyan manis jangan.


Kekasihku iku tumraping aku kaya mur sabuntel, sumelip ing antarane payudaraku.


lisah Paduka wangi gandanipun, asma Paduka kadya lisah ingesok, milanipun para kenya sami tresna dhumateng Paduka.


nared lan kunir, tebu lan manis jangan, sarta sawernaning wit menyan, mur lan gaharu, apadene sarupaning anggi-anggi pilihan.


Sira ora mundhutake Ingsun tebu wangi sarana dhuwit, utawa gawe tuwukingSun kalawan gajihe kurban sembelehanira. Nanging sira ngebot-eboti Ingsun kalawan dosanira, sira gawe sungkawaningSun kalawan kaluputanira.


Apa paedahe tumrap Ingsun sira nggawa dupa saka Syeba lan tebu kang becik saka ing nagara kang adoh? Ingsun ora karenan marang kurbanira obaran, lan kurbanira sembelehan ora ndadekake keparenging galihingSun.


lan anggur diijolake barang-barangira; wesi kang wus digembleng saka ing Uzal, kayu teja lan tebu tinemu ana ing antarane barang daganganira.


Para sudagar ing Syeba lan ing Raema padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake sakehe bumbu-bumbu kang apik dhewe, sakehe sesotya kang larang-larang lan emas, dilirokake karo barang-barangira.


Anadene Eleazar anake Imam Harun, bubuhane ngreksa lengane padamaran, dupa wangen-wangen, kurban dhaharan ajegan sarta lenga jebad; uga kuwajiban ngreksa Tarub Suci lan saisine kabeh, yaiku barang-barang kang suci lan sapirantine kabeh.”


Nabi Samuel banjur mundhut guci isi lenga, disuntak ing sirahe Saul, diambung karo ngandika: “Sang Yehuwah rak wus njebadi kowe dadi ratu tumrap umate Israel? Kowe bakal nyekel paprentahan, ngereh umate Sang Yehuwah lan kowe bakal ngluwari bangsa Israel saka ing tangane para mungsuh ing sakubenge. Iki pratandhane kanggo kowe, yen Sang Yehuwah wis njebadi kowe dadi ratune kagungane piyambak:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan