21 iya padha wisuha tangan lan sikil dhisik, supaya aja nganti nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase, kanggo Harun saanake turun-tumurun.”
Ing sajrone Tarub Pasewakan ing sajabane geber kang ngaling-alingi pethining angger-angger, ing kono Harun lan anak-anake kang nata padamaran mau ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah wiwit sore nganti esuk. Iku pranatan kang tumindak turun-tumurun kanggo wong Israel.”
Iku kudu dianggo Harun dalah anak-anake samangsa lumebu ing Tarub Pasewakan utawa samangsa nyedhaki misbyah perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, supaya aja nganti kaluputan lan banjur mati. Iku dadia pranatan ing salawase tumrap Harun lan para turune.”
Samangsa arep lumebu ing Tarub Pasewakan, kudu wisuh tangan lan sikil, supaya aja nganti nemahi pati. Mangkono uga samangsa arep menyang ing misbyah perlu ngladeni pangibadah sarta ngobong kurban kang kasaosake sarana geni konjuk marang Pangeran Yehuwah,