Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:19 - Kitab Sutji

19 Harun lan anak-anake padha wisuha tangan lan sikil nganggo banyu kang ana ing padasan mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:19
12 Iomraidhean Croise  

Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha bilih boten kalepatan, saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah,


Harun lan anak-anake padha ajokna marang ngarepe lawangan Tarub Pasewakan lan sira wisuhana banyu.


Samangsa arep lumebu ing Tarub Pasewakan, kudu wisuh tangan lan sikil, supaya aja nganti nemahi pati. Mangkono uga samangsa arep menyang ing misbyah perlu ngladeni pangibadah sarta ngobong kurban kang kasaosake sarana geni konjuk marang Pangeran Yehuwah,


Ngedoha, ngedoha! Metua saka ing kono! Kowe aja nganti kagepok kang najis! Padha metua saka ing satengahe, padha sesucia, he para wong kang padha ngusungi prabote Padalemaning Yehuwah!


Nabi Musa banjur dhawuh marang Rama Harun lan para putrane supaya maju, banjur padha disirami banyu.


ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,


Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


marga kabeh kang wujud pangan lan omben-omben sarta pisungsung warna-warna iku mung tatanan tata lair bae, kang mung tumindak nganti tumekane jaman pambangunan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan