18 “Sira gawea wadhah banyu tembaga satadhahane iya tembaga, kanggo sesuci, iku sira prenahna ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah sarta isenana banyu.
Sawuse mangkono Hiram banjur gawe “segaran” cithakan, kang saka pinggiran kang siji marang sijine sapuluh asta, wangune bunder kepleng, dhuwure limang asta, sarta kang kubenge padha karo tali kang dawane telung puluh asta.
Hiram iya gawe jembangan tembaga sepuluh, siji-sijine jembangan bisa isi banyu patang puluh bat, angaping saben jembangan patang asta sarta saben kreta-panuwak ditumpangi jembangan siji.
Sawuse iku banjur damel “segaran” cithakan jembare saka pinggir tekan pinggir sepuluh asta, wangune bunder kepleng, jerone limang asta, kubenge manawa kaukur nganggo tali ana telung puluh asta.
Sarta maneh banjur damel jembangan sepuluh, kang lima diprenahake ing sisih tengen lan kang lima ing sisih kiwa, iku kanggo ngengumbah; apa kang kanggo kurban obaran iku dikumbah ana ing kono, dene “segaran” mau kanggo para imam kagawe sesuci.
Nuli yasa wadhah banyu lan uga tadhahane kang digawe tembaga, pangilone para wong wadon kang padha ngladeni pagawean ana ing ngarepe lawang Tarub Pasewakan.
Aja kesusu, cangkemmu lan atimu aja age-age nglairake tetembungan ana ing ngarsaning Allah, amarga Gusti Allah iku ana ing swarga, mangka kowe ana ing bumi, mulane tembungmu sathithik bae.
ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,
Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.