Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:16 - Kitab Sutji

16 Anadene dhuwit panebus kang sira pungut saka wong Israel iku kaanggoa mragadi pangibadah ana ing Tarub Pasewakan; pranatan iku dadia pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, lan kanggo panebuse nyawanira kabeh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:16
9 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu nuli nimbali Imam Agung Yoyadha sarta ndangu marang panjenengane: “Punapa sababipun, dene panjenengan kok boten mundhut dhateng para tiyang Lewi supados sami nglempakaken paos wonten ing Yehuda saha ing Yerusalem, ingkang katetepaken dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap pasamuwan Israel kangge Tarub papaning angger-anggeripun Gusti Allah?


Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.


Wong sugih anggone asok aja luwih lan wong miskin aja kurang saka satengah sekel, samangsa sira padha nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah minangka panebuse nyawa iku.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:


Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Bareng Nabi Musa lan Imam Eleazar wus nampeni mas iku saka para panewu lan panatus, mas iku banjur dilebokake ing Tarub Pasewakan, kanggo pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sakabat kalawan ngandika: “Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan