Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:14 - Kitab Sutji

14 Wong kang bisa kalebu ing pendaftaran iku umure rong puluh taun munggah, iku kudu nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:14
10 Iomraidhean Croise  

Saben wong kang kadaftar nyaosna dhuwit satengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, sasekel iku bobote ana rong puluh gerah; satengah sekel iku minangka pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah.


Wong sugih anggone asok aja luwih lan wong miskin aja kurang saka satengah sekel, samangsa sira padha nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah minangka panebuse nyawa iku.


Tumrap sira kabeh wus sapantese manawa sa-syikal iku padha karo rong puluh gera, limang syikal iya limang syikal, lan sapuluh syikal iya sapuluh syikal, lan seket syikal iku ana sa-mina.


Kabeh pendhudhuk nagara kudu ngunjukake pisungsung mligi marang raja Israel.


Bareng tanggal sapisan sasi kapindho banjur padha nglempakake sapepake pasamuwan. Sawuse mangkono nuli ndhapuk sarasilahe para wong Israel miturut gotrahe kang tinemu ing saben taler. Wong-wong kang umure rong puluh taun sapandhuwur ditulisi jenenge siji-sijine,


Mungguh sarasilahe turune Ruben pembarepe Israel iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.


kang umure rong puluh taun munggah, kang sembada ing perang, iku sira cacahna karo Harun miturut golongane dhewe-dhewe.


Jisimira bakal padha pating glethak ana ing pasamunan, iya iku sakehe panunggalanira kang wus padha kacathetan, kang umur rong puluh taun sapandhuwur ora ana kang kajabakake, amarga sira wus padha ngadumeli marang Ingsun.


“Sira padha nacahna wong Israel saumat kabeh kang umur rong puluh taun sapandhuwur, miturut talere, iya wong-wong kang sembada ing perang.”


Satemene wong-wong kang wus padha metu saka ing tanah Mesir, kang umur rong puluh taun sapandhuwur, mesthi bakal ora ana kang bisa ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang Abraham, Iskak lan Yakub, awitdene padha ora ngantepi anggone manut marang Ingsun,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan