Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:13 - Kitab Sutji

13 Saben wong kang kadaftar nyaosna dhuwit satengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, sasekel iku bobote ana rong puluh gerah; satengah sekel iku minangka pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:13
17 Iomraidhean Croise  

“Ah, bendara! Kula aturi miyarsakaken atur kula: pasiten ingkang namung pangaos sekawan atus sekel selaka punika, rak sanes punapa-punapa tumrap kita. Bok ingkang seda tumunten panjenengan sarekaken kemawon.”


Sang Prabu Yoas ngandika marang para imam: “Kabeh dhuwit kang digawa menyang ing padalemaning Sang Yehuwah minangka pisungsung suci, yaiku dhuwit kang lebune kanggo cacah jiwa, dhuwit tebusan jiwa manut tatanan katetepan kang wus tumindak kanggo saben wong, lan kabeh kang digawa lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, marga saka prentuling atine wong,


iku kareben ditampani dening para imam dhewe, siji-sijine saka ing pitepungane, lan iku dianggoa ndandani apa kang rusak ing padaleman kono, ing ngendi bae tinemu ana kang rusak.”


Wong kang bisa kalebu ing pendaftaran iku umure rong puluh taun munggah, iku kudu nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.


Kabeh mas kang kanggo yasa pasucen, iku mas pisungsung-mligi, gunggunge ana sangalikur talenta punjul pitung atus telung puluh sekel miturut timbangan pasucen.


saben wong siji sabeka, yaiku setengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, saka saben wong kang padha kedaftar, kang umure rong puluh taun munggah, gunggunge wong nem atus telung ewu limang atus seket.


Tumrap sira kabeh wus sapantese manawa sa-syikal iku padha karo rong puluh gera, limang syikal iya limang syikal, lan sapuluh syikal iya sapuluh syikal, lan seket syikal iku ana sa-mina.


Sakehe reregan iku mituruta sekel suci, kang sasekele bobote rong puluh gera.


kanggo wong lanang kang umure rong puluh taun tekan sawidak taun, iku sira ajenana seket sekel salaka, ditimbang miturut sekel suci.


“Manawa ana wong kang ora setya lan kang ora kalawan kajarag nglakoni dosa ing bab sawijining prakara kang suci kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna marang Sang Yehuwah kang minangka dhendhane arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing panthane, kanggo kurban dhendha, diajeni manut sekel salaka, yaiku miturut sekel suci.


Anadene dhuwit tebusane iku, tumrap manungsa wiwit umur sesasi tebusane miturut sapamurwatira, dhuwit limang sekel selaka, miturut sekelan pasucen; sekel iki bobote ana rong puluh gera.


saben wong siji sira dhawuhana setor dhuwit limang atus sekel, miturut sekel suci, kang sasekele bobote rong puluh gerah.


Pisungsunge arupa: pinggan salaka siji bobot satus telung puluh sekel, lan bokor panyiraman salaka siji bobot pitung puluh sekel, ditimbang manut sekel suci, loro-lorone padha kebak isi glepung gandum pilihan, diwori lenga, kanggo kurban dhaharan;


Piring mas rolas mau padha kebak isi dupa, bobote piringe nyepuluh sekel, ditimbang manut sekel suci, mase sakehe piring mau bobot satus rong puluh sekel.


Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg Padaleman Suci padha marani Petrus lan calathu: “Guru Panjenengan punapa boten asok paos kalih drakhma?”


Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhungi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejane wong pareyalan lan bangku-bangkune wong adol manuk dara padha digolingake,


Bareng Sang Pilatus uninga, yen sakabehing pambudidaya bakal tanpa guna, malah wis wiwit kisruh kaanane, panjenengane banjur wijik asta ana ing sangareping wong akeh mau lan ngandika: “Aku ora kaluputan tumrap getihe wong iki; iku prakaramu dhewe!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan