PANGENTASAN 30:12 - Kitab Sutji12 “Samangsa sira ngetung cacahe wong Israel, nalika padha didaftar, siji-sijine nyaosna pisungsung minangka panebusing nyawane konjuk marang Pangeran Yehuwah, supaya sajrone kacacahake aja nganti padha kena ing wewelak. Faic an caibideil |
telung taun pailan utawa telung sasi lawase keplayu saka ing sangareping mungsuhira, tur sira kasusul ing pedhanging mungsuhira, apa ing sajroning telung dina pedhanging Yehuwah, yaiku pageblug, ana ing nagara kene, lan Malaekate Sang Yehuwah nganakake pepati ana ing saindenge tanahe wong Israel kabeh. Milanipun sapunika paduka kawula aturi nggalih, wangsulan punapa ingkang kedah kawula unjukaken dhateng ingkang ngutus kawula.”
Unjuke Sang Yoab: “Mugi-mugi Pangeran Yehuwah mewahana kaping satusipun ingkang wonten punika. Dhuh Gusti kawula Sang Prabu, punapa sadaya punika sanes abdi paduka? Punapa sababipun dene Gusti kawula kok kagungan karsa makaten? Punapa sebabipun dene tiyang Israel kedah nanggel kalepatan margi saking prakawis punika?”
Sang Prabu nuli nimbali Imam Agung Yoyadha sarta ndangu marang panjenengane: “Punapa sababipun, dene panjenengan kok boten mundhut dhateng para tiyang Lewi supados sami nglempakaken paos wonten ing Yehuda saha ing Yerusalem, ingkang katetepaken dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap pasamuwan Israel kangge Tarub papaning angger-anggeripun Gusti Allah?
Mila kula sami mbekta pisungsung konjuk dhateng Pangeran Yehuwah, saben tiyang saangsalipun piyambak-piyambak, warni: barang mas-masan, kadosta: gelang kroncong, gelang tangan, sesupe cap, anting-anting saha rerenggan dhadha kangge ngawontenaken pirukun tumrap nyawa kula wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah.”