Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 30:10 - Kitab Sutji

10 Setaun sapisan Harun nindakake panebus ana ing sungu-sungune misbyah iku, nganggo getihe kurban pangruwating dosa, anggone nindakake panebus tumrap misbyah iku saben setaun sapisan ana ing antaranira nganti turun-tumurun, iku prakara kang suci pinunjul kagem Pangeran Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 30:10
18 Iomraidhean Croise  

Kacarita Pangeran Adhonia ajrih marang Sang Prabu Suleman, mulane banjur enggal-enggal tindak lan nyepeng sungu-sunguning misbyah.


Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:


Ana ing misbyah iku sira aja ngobong dupa liyane, utawa kurban obaran apadene kurban dhaharan, sarta sira iya aja nyaosake kurban unjukan.


Kaya mangkono anggone nganakake pirukun tumrap pasucen, marga saka sakehe kanajisane wong Israel lan marga saka sakehe panerake, apa bae dosane. Kaya mangkono iku kang katandukake marang Tarub Pasewakan, kang lestari dumunung ana ing antarane lan ing satengahe kanajisane.


Sawuse mangkono nuli metua maranana misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta nganakna pirukun kanggo misbyah iku; dheweke njupuka getihe sapi lanang lan getihe wedhus gembel mau sathithik dileletna ing sungune misbyah mubeng.


Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau mangkene: “Sira ndhawuhana marang Harun, kakangira, aja nganti saben wektu lumebu menyang ing pasucen ing saburine geber, ing ngarepe tutup pangruwatan kang ana ing dhuwur pethi, supaya aja nganti nemahi pati, awitdene Ingsun ngatingal ana ing mega ing sadhuwure tutup pangruwatan.


“Nanging tanggal kaping sepuluh ing sasi kang kapitu iku dadia dina pirukun; sira padha nganakna kumpulan suci, lan padha ngesorna awakira kalawan puwasa sarta padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.


Karodene getih mau salong dileletna ing sunguning misbyah kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan, lan getih kekarene kasuntaka kabeh ing perangane ngisor misbyah kurban obaran, kang ana ing sangarepe lawang Tarub Pasewakan.


Sawuse mangkono getih mau salong dileletna ing sungune misbyah padupan racikan bumbu-bumbu, kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan.


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Sarta Panjenengane ora mlebet prelu bola-bali ngurbanake sarirane piyambak, kayadene Imam Agung kang saben taun lumebet ing pasucen ngasta getih kang dudu rahe piyambak.


nanging tarub kang kapindho iku mung dilebeti dening Imam Agung piyambak sataun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kasaosake marga saka sarirane piyambak sarta marga saka panerak-panerake umate kang ora kajarag.


Malaekat kang kanem tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur krungu swara metu saka sungu papat ing misbyah mas kang ana ing ngarsane Gusti Allah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan