Kamar pungkuran iku dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, dhuwure rong puluh asta. Iku kalapis ing emas lembaran, ing ngarepe kadokokan misbyah kayu eres.
uga emas kang wus kasengker kanggo gawe misbyah pangobongan dupa, bobote sepira kang dibutuhake, sarta emas kanggo gawe kreta-kretanan kanggo numpangake kerub loro-lorone, kang ngegarake swiwine kanggo ngayomi pethi prajanjiane Pangeran Yehuwah.
Nanging Rama Harun lan para putrane kawajibane ngobong kurban ing misbyah kurban obaran lan ing misbyah pangobongan dupa, lan nindakake sakehing pagawean ing pasucen pinunjul sarta nganakake upacara-pirukun kanggo wong Israel, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Allah iku.
Bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung lan nindakake bab kang gawe rusak. Panjenengane ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, sarta kumawani lumebet ing Padaleman Suci prelu mbesmi dupa ana ing misbyah padupan.
Setaun sapisan Harun nindakake panebus ana ing sungu-sungune misbyah iku, nganggo getihe kurban pangruwating dosa, anggone nindakake panebus tumrap misbyah iku saben setaun sapisan ana ing antaranira nganti turun-tumurun, iku prakara kang suci pinunjul kagem Pangeran Yehuwah.”
dhuwure telung asta, dawane rong asta; pojok-pojoke lan dhasare sarta gebyog-gebyoge kang digawe kayu. Panjenengane nuli ngandika marang aku: “Iki meja kang ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.”
Karodene getih mau salong dileletna ing sunguning misbyah kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan, lan getih kekarene kasuntaka kabeh ing perangane ngisor misbyah kurban obaran, kang ana ing sangarepe lawang Tarub Pasewakan.
Sawuse mangkono getih mau salong dileletna ing sungune misbyah padupan racikan bumbu-bumbu, kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan.
Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.
Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,
Banjur ana malaekat liyane kang jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan menyan akeh supaya dianggoa cecaosan bebarengan karo pandongane para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepe dhampar iku.