Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 3:9 - Kitab Sutji

9 Samengko pasambate wong Israel iku wus sumengka marang ing ngarsaningSun; sarta Ingsun wus nguningani kerasing panindhese wong Mesir marang umatingSun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 3:9
22 Iomraidhean Croise  

Sang Malaekate Yehuwah tumuli mangandikani maneh: “Lah sira iku lagi ngandhut, lan bakal nglairake anak lanang, iku sira jenengna Ismael, awitdene Sang Yehuwah wus nguningani kasangsaranira.


Dhawuhe: Sira mulata lan mawasa, yen sakehe wedhus lanang kang dadi lelananging pepanthan iku padha lorek, tutul apadene belang, kang mangkono iku marga Ingsun mirsa apa sapanggawene Laban marang sira.


Nanging Sang Prabu Yoahas nuli nyuwun sih-piwelase Pangeran Yehuwah lan Sang Yehuwah iya banjur karsa nyembadani, amarga wus nguningani bangeting panindhese ratu ing Aram marang wong Israel.


“Sira balia lan matura marang Hizkia, ratuning umatingSun: Mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal paring waras marang sira; ing dina kang katelu sira bakal lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah.


Paduka ngudaneni kesrakatipun para leluhur kawula wonten ing tanah Mesir, saha miyarsakaken pasambatipun wonten ing pinggiripun seganten Teberau.


yaiku kang padha ngucap mangkene: “Kalawan ilatku aku padha menang! Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang mrentah aku?”


Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka welasi, mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang ingkang sengit dhateng kawula; Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,


Mulane tumuli ngangkat pemimpin-pemimpin wong nyangga karya kang kadhawuhan nglurahi lan nindhes wong Israel kanthi matrapi pagawean peksan, didhawuhi ngedegake kutha Pitom lan Raamses kanggo gedhong patandhone Sang Prabu Pringon.


Sang Prabu Pringon tumuli dhawuh marang para kawulane kabeh: “Sakehe anake wong Ibrani kang lair lanang padha cemplungna ing bengawan Nil, dene kang wadon iku uripana.”


Nuli ana raja anyar kang jumeneng mengku tanah Mesir, kang ora mirsa bab Sang Yusuf.


Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.


Gusti Allah mirsani lan nggatosake marang wong Israel.


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.


Aku nyumurupi maneh sakehing panindhes kang kalakon ana ing sangisoring langit, lan eluhe para wong kang katindhes mangka ora ana kang nglipur, amarga kang nindhes iku padha kadunungan pangwasa.


Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.


“Padha ngrungokna marang pangandika iki, he, sapi-sapi ing Basan, kang manggon ing gununge Samaria, kang nindhes marang wong apes, lan ngidak-idak wong miskin, kang ngucap marang para bendaranira: Gawanen mrene supaya aku padha ngombe.


ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula, Pangeran Yehuwah inggih lajeng nyembadani ing pasambat kawula, tuwin mirsani ing kasangsaran lan rekaos kawula saha anggen kawula sami katindhes.


“Sesuk, watara wayah mangkene Ingsun bakal ngutus sawijining wong lanang saka tanah Benyamin, kang marani sira, iku jebadana dadi ratuning umatingSun Israel lan dheweke bakal ngluwari umatingSun saka ing tangane wong Filisti, amarga pasambate wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan