PANGENTASAN 3:8 - Kitab Sutji8 Mulane Ingsun tumedhak karsa nguwalake umatingSun saka ing tangane wong Mesir, sarta Sunirid metu saka ing nagara iku menyang nagara kang becik lan jembar, nagara kang luber puwan lan madu, panggonane wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus. Faic an caibideil |
Ing kono pangandikane kang rama marang para putra: “Iya wis ta, manawa mangkono, kowe padha nglakonana mangkene: Goleka pametune tanah kene kang becik dhewe, wadhahana ing bagormu, gawenen atur-atur marang panggedhe Mesir mau, kayata: Rasamala sathithik, anggi-anggi lan blendok lod, kemiri lan woh saked.
Paduka uningani, bilih manahipun setya tuhu wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka damel prasetya kaliyan piyambakipun, bilih badhe Paduka paringi tanahipun tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Amori, tiyang Peris, tiyang Yebus, sarta tiyang Girgasi, kaparingaken dhateng turunipun. Lan Paduka inggih netepi pangandika Paduka, margi Paduka punika asipat leres.
Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid kowe lumebu ing tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Hewi lan wong Yebus, nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos marang para leluhurmu bakal kaparingake marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, nuli kowe padha netepana pranatan iki, ing sajroning sasi mangkene iki uga.
“Samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid kowe lumebu ing tanah kang kokparani lan bakal kokejegi, sarta wus nundhungi bangsa pirang-pirang saka ing ngarepmu, yaiku wong Het, wong Girgasi, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, bangsa pitu kang cacahe lan kekuwatane ngungkuli kowe,
Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;