Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 3:5 - Kitab Sutji

5 Dhawuhe Gusti Allah: “Sira aja nyedhak mrene, trumpahira copoten saka ing sikilira, awitdene panggonan kang sira idak iku tanah kang suci!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 3:5
12 Iomraidhean Croise  

Kang iku sira masanga pager mubeng lan tutura: Padha ngati-atia, aja ana kang munggah ing gunung utawa nggepok sikile, sabab sing sapa nggepok, mesthi kaukum pati.


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira mudhuna, bangsa iku elingna, aja ana kang mbrobos ing pager nyedhaki Pangeran Yehuwah arep ndedeleng, sabab mesthi akeh kang bakal padha tiwas.


Sang Musa tumuli ngaturi uninga marang Rama Harun bab sakehe pangandikaning Yehuwah kang wus diwelingake lan sakehe pratandha kang wus kadhawuhake supaya ditindakake.


Aja kesusu, cangkemmu lan atimu aja age-age nglairake tetembungan ana ing ngarsaning Allah, amarga Gusti Allah iku ana ing swarga, mangka kowe ana ing bumi, mulane tembungmu sathithik bae.


Wong kang ngereh bakal jumedhul saka ing antarane wong-wong iku dhewe lan wong kang ngwasani bakal muncul saka ing tengahe; Ingsun bakal damel bisa seba wong iku, lan cedhak kalawan Ingsun. Amarga sapa kang wani ngetohake nyawane supaya cedhak kalawan Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Iya iki kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah: Ingsun nelakake kasuceningSun marang wong kang cedhak kalawan Ingsun, sarta nglairake kamulyaningSun ana ing ngarepe wong sabangsa kabeh.” Anadene Imam Harun mung kendel bae.


Lajeng dipun pangandikani dening Pangeran: Uculana trumpahing sikilira, amarga panggonan kang sira idak iku bumi kang suci.


Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, tansah tindak ana ing satengahing pakemahanmu prelu ngluwari kowe lan ngulungake mungsuhmu marang kowe; mulane pakemahanmu iku kudu suci, aja nganti Sang Yehuwah mirsa apa bae kang ora pantes ana ing antaramu, temah banjur mengker nilar kowe.”


awit padha ora betah ngrungokake dhawuh iki: “Dalah kewan manawa ana kang nggepok marang gununge, iku kudu dibenturi watu.”


Senapatining wadya-balane Sang Yehuwah banjur ngandika marang Sang Yusak: “Trumpahira copoten saka ing sikilira, amarga panggonan kang sira enciki iku suci.” Senapati Yusak tumuli iya nglampahi mangkono.


Swara iku mau padha dakrungu tumurun saka ing swarga, nalika aku padha ndherek Panjenengane ana ing gunung kang suci.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan