Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 3:20 - Kitab Sutji

20 Mulane Ingsun bakal ngegarake astaningSun lan nggebag tanah Mesir klawan sarupane kaelokan, kang bakal Suntandukake ana ing tengahe. Sawuse mangkono nuli bakal nglilani sira lunga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 3:20
30 Iomraidhean Croise  

nanging bangsa kang dikawulani iku iya bakal Sunukum. Sawuse mangkono bakal padha metu budhalan kalawan nggawa raja-darbe akeh banget.


Paduka nindakaken pratandha kaliyan kaelokan wonten ing ngarsanipun Prabu Pringon sapunggawanipun sadaya, tuwin rakyat ing nagarinipun, amargi Paduka mirsa, anggenipun atindak gumunggung wonten ing ngajengipun para leluhur wau. Margi saking punika Paduka ndadosaken misuwuripun asma Paduka; bab punika ugi kacihna ing dinten punika.


Sakarone nganakake kaelokaning Pangeran ana ing tengahe, sarta mukjijat ana ing tanah Kham.


Nalika metune mau wong Mesir padha bungah-bungah, amarga wong Mesir padha ketaman wedi marang dheweke kabeh.


pandamel-pandamel kang elok ana ing tanahe Kham, pandamel-pandamel kang nggegirisi ana ing sapinggire segara Teberau.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Ingsun bakal ndhatengake wewelak sapisan engkas marang Pringon lan marang tanah Mesir, sawuse mangkono mesthi bakal nglilani sira lunga saka ing kene. Dene samangsa wus nglilani lunganira, sira malah padha dipeksa-peksa metu saka ing nagara kene.


Mungguh jladren anggone nggawa saka ing tanah Mesir mau diolah digawe roti bunder tanpa ragi, marga jladrene ora nganggo dirageni, sabab metune saka tanah Mesir ora bisa kanti lon-lonan, temah ora nganti kober nyawisake sangu.


Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.


Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.


Dhuh Yehuwah, panunggilanipun para allah sinten ingkang nyameni Paduka; sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucen Paduka, ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur? Paduka nindakaken kaelokan.


Dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika mulya margi saking pangwaos Paduka dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika ngremuk mengsah.


Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.


Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah.


Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.


Satemene saupama Ingsun karsa ngagagake astaningSun sarta nggebag marang sira lan para kawulanira kalawan pageblug, mesthi sira wus katumpes sirna saka bumi.


Wong Mesir bakal dirangket dening Sang Yehuwah, bakal dirangket, banjur diwarasake; nuli bakal padha mratobat marang Sang Yehuwah, tuwin Panjenengane bakal ngabulake pandongane lan nyarasake wong-wong mau.


Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!


Demi Ingsun agesang – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – Ingsun bakal ngereh marang sira kabeh kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaacungake sarta kalawan bebendu kang kaesokake.


Kados nalika Paduka miyos saking Mesir, kawula mugi sami kaparingana sumerep bab kaelokan-kaelokan!


Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.


Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?


Pangeran Yehuwah nindakake pratandha lan kaelokan kang nggegirisi lan gawe cilaka tumuju marang ing tanah Mesir, marang Sang Prabu Pringon lan sabrayate kabeh kang padha kita sipati,


Sang Yehuwah tumuli ngutus sawijining nabi nemoni wong Israel, sarta iku padha didhawuhi: “Pangandikane Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: Ingsun wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, padha Sunirid metu saka ing tanah pangawulan,


Para tuwa-tuwane kutha tumuli padha diklumpukake banjur mundhut eri ara-ara samun lan rerungkudan, kagawe ngapokake wong ing Sukot.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan