PANGENTASAN 3:2 - Kitab Sutji2 tumuli dikatingali dening Sang Malaekating Yehuwah ing sajroning urube geni ana ing tengahe grumbul eri. Banjur uninga: grumbul eri iku murub, ewadene ora kamangsa ing geni. Faic an caibideil |
Sang Malaekat kang wus nguwalake aku saka sarupaning bebaya, muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki, supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku, iya Eyang Abraham lan Rama Iskak dadi misuwur marga saka bocah-bocah iki, sarta padha ngambra-ambra nganti dadi akeh banget ana ing bumi.”
Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.