Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 3:19 - Kitab Sutji

19 Ewasamono Ingsun mirsa, yen raja ing Mesir bakal ora nglilane sira lunga, kajaba manawa dipeksa sarana asta kang rosa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 3:19
13 Iomraidhean Croise  

Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Israel padha lunga.


Nabi Musa lan Rama Harun wus padha nindakake sakehe kaelokan iku ana ngarsane Sang Prabu Pringon. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Bani Israel padha metu saka ing nagarane.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Pringon ora bakal ngrungokake sira, supaya kaelokaningSun mundhaka akeh ana ing tanah Mesir.”


Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.


Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.


Nanging pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sapa ta Yehuwah iku, kang prentahe kudu sunestokake bab nglilani lungane wong Israel? Ingsun ora wanuh karo Yehuwah iku lan uga ora bakal nglilani lungane wong Israel.”


Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah.


Pangandikane Sang Prabu Pringon: “Prayoga, ingsun bakal nglilani sira lunga saos kurban marang Pangeran Yehuwah Allahira, ana ing pasamunan; mung aja nganti kadohen lakunira. Ingsun dongakna!”


Galihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temah ora nglilani lungane wong Israel, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Sang Prabu Pringon utusan mrana, lan nyata kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia. Ewasamono Sang Prabu Pringon tetep wangkot lan ora karsa nglilani lungane bangsa mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan