Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 3:16 - Kitab Sutji

16 Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 3:16
31 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah banjur yasa penthengan sarta misahake banyu kang ana ing sangisoring penthengan karo banyu kang ana ing sandhuwure penthengan mau. Lan banjur kelakon.


Kacarita Sang Yehuwah nuweni marang Ibu Sara, kaya kang wus dipangandikakake lan Sang Yehuwah karsa nandukake marang Ibu Sara kaya kang wus diprasetyakake.


Lah, Sang Yehuwah jumeneng ana ing sisihe sarta ngandika: “Ingsun iki Yehuwah Allahe Abraham embahira lan Allahe Iskak; tanah kang sira turoni iku bakal Sunparingake marang sira lan turunira.


Tumuli mberkahi marang Sang Yusuf: “Eyangku lan ramaku, Eyang Abraham lan Rama Iskak, tansah ngabekti marang Gusti Allah. Iya Gusti Allah iku kang dadi pangenku sajegku urip tekan saiki.


Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhereke: “Ora suwe maneh aku bakal mati, nanging Gusti Allah mesti bakal ngreksa kowe, lan kowe bakal padha diangkatake saka ing tanah kene menyang tanah kang wus diprasetyakake kalawan sumpah marang Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.”


prelu miyarsakake pasambate wong tahanan, tuwin ngluwari para wong kang wus cinadhangake marang pati,


Lan paningale Sang Yehuwah nguningani wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta nganti-anti marang sih-kadarmane,


Manawi kawula ningali langit pakaryanipun asta Paduka, punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata,


Nuli ana raja anyar kang jumeneng mengku tanah Mesir, kang ora mirsa bab Sang Yusuf.


Nabi Musa iya mbekta balung-balunge Sang Yusuf, marga iku wus mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Besuk Gusti Allah mesthi nuweni kowe, nuli balung-balungku gawanen metu saka ing kene.”


Para bangsa sami mireng temah inggih sami gumeter; makaten ugi ingkang sami manggen ing tanah Filisti sami kraos giris.


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira lumakua ana ing ngarepe umat kairinga dening para tuwa-tuwane Israel sawatara, dene teken kang wus tau sira gawe nyabet bengawan Nil iku gawanen, nuli mangkata!


Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.


Gusti Allah mirsani lan nggatosake marang wong Israel.


Nanging Panjenengane ora mulung astane marang pemimpin-pemimpin Israel; padha nyawang marang Gusti Allah, banjur mangan lan ngombe.


tumuli dikatingali dening Sang Malaekating Yehuwah ing sajroning urube geni ana ing tengahe grumbul eri. Banjur uninga: grumbul eri iku murub, ewadene ora kamangsa ing geni.


Sarta maneh pangandikane: “Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub!” Sang Musa banjur nutupi pasuryane, marga ajrih nyawang marang Gusti Allah.


Sang Musa banjur munjuk: “Kados pundi manawi tiyang-tiyang wau sami boten ngandel dhateng kawula saha boten mirengaken dhateng tembung-tembung kawula, malah lajeng wicanten: Pangeran Yehuwah boten ngatingal dhateng panjenengan?”


Sang Musa lan Rama Harun banjur tindak sarta nglempakake sakehe tuwa-tuwane Israel.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


“Iku supaya padha ngandela, yen sira wus diketingali dening Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para leluhure, Gusti Allahe Abraham, Gusti Allahe Iskak lan Gusti Allahe Yakub.”


Ing nalika samana para pangareping imam lan para pinituwaning bangsa Yahudi padha nglumpuk ana ing daleming Imam Agung kang asma Kayafas


“Pinujia Pangeran, Allahe Israel, sabab wis nuweni umate lan paring pangluwaran.


Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe.”


Bab iku iya kalakon lan banjur dikirimake marang para pinituwa lumantar Barnabas lan Saulus.


Sadherek Simon mentas nyariyosaken, bilih wiwit-wiwitan mila Gusti Allah sampun ngatingalaken sih-rahmatipun, inggih punika anggenipun milih satunggaling bangsa saking antawisipun bangsa-bangsa sanes wau kagem asmanipun.


Marga saka iku Rasul Paulus banjur utusan wong saka Miletus menyang ing Efesus nimbali para pinituwane pasamuwan.


Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.


Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, – amarga aku iki dadi kanca pinituwa sarta seksine sangsarane Sang Kristus, kang iya bakal oleh panduman kamulyan kang besuk bakal kawedharake –:


Naomi nuli mangkat kanthi mantune arep mulih saka ing tanah Moab, amarga ing tanah Moab kono dheweke oleh warta, yen Sang Yehuwah wus nuweni umate kalawan diparingi pangan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan