PANGENTASAN 3:15 - Kitab Sutji15 Dhawuhe Gusti Allah marang Sang Musa maneh: “Tutura marang wong Israel mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak lan Gusti Allahe Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowe. Dene iya iku asmaningSun ing salawas-lawase, iku sebutaningSun turun-tumurun. Faic an caibideil |
Nanging ing kono ana sawijining nabine Pangeran Yehuwah, kang asma Odhed. Nabi iku tindak methukake wadya-bala kang bali menyang ing Samaria lan ngandika marang wong-wong mau mangkene: “Lah awit saka dukane marang Yehuda, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, ngulungake wong-wong iku marang ing tanganmu, sarta kowe padha gawe pepati ana ing satengahe kanthi riwuding nepsu kang nganti sundhul ing langit.
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.