PANGENTASAN 3:13 - Kitab Sutji13 Unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Nanging manawi kawula manggihi tiyang Israel sarta kawula cariyosi: Gusti Allahe para leluhurmu kang ngutus aku nemoni kowe, mangka lajeng sami pitaken: Asmanipun sinten? Kados pundi wangsulan kawula?” Faic an caibideil |
Dhawuhe Gusti Allah marang Sang Musa maneh: “Tutura marang wong Israel mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak lan Gusti Allahe Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowe. Dene iya iku asmaningSun ing salawas-lawase, iku sebutaningSun turun-tumurun.
Sira banjur matura mangkene: Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun tiyang Ibrani, sampun ngutus kawula sowan ing ngarsa dalem, dhawuhipun: Sira nglilanana lunga umatingSun, supaya padha saosa pangabekti marang Ingsun ana ing pasamunan. Ewadene ngantos dumugi samangke, panjenengan dalem boten karsa miyarsakaken.
Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.