Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 3:12 - Kitab Sutji

12 Gusti Allah banjur ngandika: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pratandhane, menawa Ingsun kang ngutus sira: Samangsa sira wus nggawa metu bangsa iku saka ing tanah Mesir, sira bakal padha ngabekti marang Gusti Allah ana ing gunung iki.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 3:12
43 Iomraidhean Croise  

Sawuse lelakon mau banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram sajroning tetingalan wahyu, dhawuhe: “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe.”


Unjuke Rama Abram: “Dhuh Yehuwah Allah, sarana punapa anggen kawula sumerep, bilih tanah punika badhe dados gadhahan kawula?”


Sira tetepa manggon ana ing tanah kene dadi wong manca, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira lan sira bakal Sunberkahi, marga sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kabeh, sarta Ingsun bakal netepi sumpah kang wus Sundhawuhake marang Abraham bapakira.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Yakub: “Sira muliha menyang tanahe leluhurira lan kulawangsanira, dene Ingsun bakal nunggil kalawan sira.”


Lan iki kang bakal dadi tandha tumrap sira, he Hizkia: Ing taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, dene ing taun kang kapindho pametune tanduran kang kawitan, nanging ing taun kang katelune sira bakal nyebar, ngeneni, gawe kebon anggur lan mangan wohe,


Ing sadurunge kang ngepalani wong-wong mau Pinehas bin Eliazar. Pangeran Yehuwah muga karsaa nganthi marang dheweke.


Kawula mugi Paduka paringi pratandhaning kasaenan, supados para satru kawula sami sumerep kalayan wirang, bilih Paduka dhuh Yehuwah, sampun paring pitulungan saha panglipur dhumateng kawula.


Bareng Imam Yitro, mara-sepuhe Nabi Musa, karo putra-putra lan garwane Nabi Musa rawuh ing pasamunan, ing papan palerebane ing sacedhake gununge Gusti Allah,


Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,


Unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Nanging manawi kawula manggihi tiyang Israel sarta kawula cariyosi: Gusti Allahe para leluhurmu kang ngutus aku nemoni kowe, mangka lajeng sami pitaken: Asmanipun sinten? Kados pundi wangsulan kawula?”


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun pribadi kang bakal nganthi marang sira lan maringi katentreman marang sira.”


Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”


Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.


Kawula kedah kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, perlu nyaosaken kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, kados anggenipun ndhawuhi kawula.”


Anadene iki kang bakal dadi tandhal tumrap sira, he Hizkia: Ing sajroning taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, lan ing taun kang kapindho apa kang tuwuh saka tanduran kang kawitan, nanging ing sajroning taun kang katelu sira bakal nyebar, banjur panen gawe kebon anggur lan mangan wohe.


sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.


Manawa sira nyabrang ing banyu, Ingsun bakal nganthi marang sira, utawa ngliwati kali-kali, sira ora bakal keli; manawa sira lumaku liwat ing geni, sira ora bakal geseng, lan urubing geni ora bakal ngobong sira.


Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.


Aja sira wedi marang wong-wong iku, amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”


Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Marga saka lelakon iki kowe bakal padha sumurup, manawa aku diutus dening Sang Yehuwah supaya nindakake prakara iki kabeh, dadi ora saka karepku dhewe,


Tiyang boten sumerep dhateng kasangsaraning bani Yakub, lan boten saged ningali kasisahanipun tiyang Israel, margi tinunggil dening Pangeran Yehuwah Allahipun, sami surak-surak, margi Sang Nata wonten ing satengahipun.


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


Dene para sakabat mau iya banjur padha ngabarake Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumebaring pangandika kinanthenan paseksen pratandha mawarna-warna.


Astaning Pangeran nunggil karo wong-wong mau, satemah akeh wong kang manjing pracaya sarta padha mratobat marang Gusti.


Nanging bangsa kang bakal dikawulani iku – makaten pangandikanipun Gusti Allah – bakal Sunadili, lan sawise iku, bakal padha metu saka ing kono tuwin bakal ngabekti marang Ingsun ana ing panggonan kene.


Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


Pangeran tumuli paring dhawuh marang Sang Yusak bin Nun, pangandikane: “Disantosa lan ditatag atimu, sabab sira bakal ngirid lakune wong Israel lumebu ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang wong-wong iku, sarta Ingsun kang bakal nunggil marang sira.”


Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar.”


Sajegira urip bakal ora ana wong, kang bisa lestari ana ing ngarepira; kaya anggoningSun nunggil karo Musa, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nunggil karo sira. Sira ora bakal Suntegakake lan Suntilar.


Banjur diketingali dening Sang Malaekate Pangeran Yehuwah mau sarta didhawuhi: “He prawira gagah prakosa, Sang Yehuwah nunggil karo sira.”


Dhawuhe Sang Yehuwah marang Gidheon: “Nanging Ingsun iki bakal nunggil karo sira, mulane sira bakal nggepuk ngesorake wong Midian, nganti tapis.”


Atur wangsulane Gidheon marang Sang Yehuwah: “Manawi kawula sampun manggih sih kamirahan wonten ing ngarsa Paduka, Paduka mugi karsaa paring pratandha, bilih Paduka piyambak ingkang ndhawuhi kawula.


Sang Malaekate Pangeran Yehuwah banjur ngayatake lantaran kang ana ing astane, pucuke didemokake ing iwak lan roti mau, tumuli ana geni mubal saka ing watu iku kang banjur mangsa daging lan roti mau nganti entek. Sawuse mangkono Sang Malaekate Pangeran Yehuwah musna saka ing pandelenge.


nuli sira bakal krungu apa kang dadi rerasanane, temah sira bakal wani mudhun nempuh pakemahane iku.” Sang Gidheon tumuli mandhap kanthi abdine si Pura iku, nganti tekan ing pajaganing wadya-bala kang ngarep dhewe ing pakemahan kono.


Nanging manawa kandhane mangkene: Munggaha mrene, kita bakal munggah, amarga yen mangkono Sang Yehuwah wus ngulungke wong-wong iku marang tangan kita. Iku pratandhane kanggo kita.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan