Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 3:1 - Kitab Sutji

1 Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 3:1
33 Iomraidhean Croise  

Sawuse Nabi Elia tindak saka ing kono, banjur ketemu karo Elisa anake Safat, kang lagi mluku kalawan sapi rolas rakit, Elisa dhewe nglakokake kang karolas. Nalika Nabi Elia tindak ana ing sacedhake nuli nguncalake ageme jubah marang dheweke.


Mulane panjenengane nuli wungu tuwin dhahar lan ngunjuk, sarta marga saka dayaning dhaharan mau panjenengane banjur bisa tindak nganti patang puluh dina patang puluh bengi suwene, nganti tekan ing gununging Allah, yaiku gunung Horeb.


Ana ing gunung Horeb padha gawe reca pedhet, sarta sujud marang reca cithakan;


Lah Ingsun bakal jumeneng ana ing ngarepira ana ing dhuwur gunung parang ing Horeb, sira banjur nyabeta parang iku temah bakal metu banyune, satemah bangsa iku bakal padha bisa ngombe.” Nabi Musa iya tumuli ngestokake kaya mangkono ana ing ngarepe para tuwa-tuwane Israel.


Imam Yitro mara-sepuhe Nabi Musa banjur nyaosake kurban obaran lan kurban sembelehan marang Pangeran Yehuwah; Rama Harun lan sakehe para tuwa-tuwane Israel padha kembul dhahar karo mara-sepuhe Nabi Musa ana ing ngarsane Gusti Allah.


Padha cumawisa ing dina katelune, sabab ing dina katelune iku Pangeran Yehuwah bakal tumedhak menyang gunung Sinai ing sapandelenge bangsa iku kabeh.


Sawuse padha mangkat saka Rafidim, banjur tekan ing pasamunane gunung Sinai, lan padha leren ana ing kono; wong Israel anggone padha masang tarub ngadhepake gunung Sinai.


Nabi Musa tumuli minggah sowan ing ngarsane Gusti Allah, sarta dipangandikani dening Pangeran Yehuwah saka ing gunung kono, dhawuhe: “Sira ndhawuhana turune Yakub lan ngundhangna marang wong Israel, mangkene:


Anadene imam ing Midian iku kagungan putra estri pitu, iku mbeneri teka ngangsu ngiseni wadhah-wadhah kanggo ngombeni wedhus-wedhuse ramane.


Satekane bocah-bocah wadon mau ana ing ngarsane Imam Rehuel, ramane, banjur padha didangu: “Sabab apa dene ing dina iki ulihmu kok enggal temen?”


Sang Musa sagah mondhok ing dalem kono, sarta banjur diparingi dening Imam Rehuel, Zipora, putrane, dadi garwane.


Nabi Musa banjur tindak karo Yusak abdine minggah ing gununge Gusti Allah.


Gusti Allah banjur ngandika: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pratandhane, menawa Ingsun kang ngutus sira: Samangsa sira wus nggawa metu bangsa iku saka ing tanah Mesir, sira bakal padha ngabekti marang Gusti Allah ana ing gunung iki.”


Dhawuhe Gusti Allah: “Sira aja nyedhak mrene, trumpahira copoten saka ing sikilira, awitdene panggonan kang sira idak iku tanah kang suci!”


Marga saka iku wong Israel padha ora nganggo rerenggan maneh, wiwit saka ing gunung Horeb iku.


Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro mara-sepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”


Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun, mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras.


Iki pangandika kang kawedharake marang Nabi Amos, panunggalane wong kang ngingu wedhus saka ing Tekoa, bab Israel, nalika jamane Sang Prabu Uzia ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rong taun sadurunge lindhu.


Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.


Anadene Nabi Musa ngandika marang Sang Hobab, putrane Imam Rehuel wong Midian, mara-sepuhe Nabi Musa, mangkene: “Lakuku padha menyang panggonan kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, pangandikane: Iku bakal Sunparingake marang sira. Mulane kowe bok melu aku, mesthi bakal padha dakrengkuh becik, marga Sang Yehuwah wus njanjekake kang becik tumrap Israel.”


Tumuli padha budhal saka ing gununge Pangeran Yehuwah, dohe nganti lakon telung dina, sarta pethining prasetyane Pangeran Yehuwah diusung ana ing ngarep dhewe sajroning lumaku telung dina mau, golek panggonan kanggo lereb.


Kacarita ing jajahan kono ana pangon-pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kewane.


Sareng sampun kawan dasa taun, lajeng wonten satunggaling malaekat ingkang ngatingal dhateng ing panjenenganipun wonten ing ara-ara samun ing redi Sinai, wonten ing salebeting latu murub ing grumbul eri.


Saka ing gunung Horeb metu pagunungan Seir tekan Kadesy-Barnea iku lakon sawelas dina.


“Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita ndhawuhi kita ana ing gunung Horeb, sabdane: Wus cukup anggonira padha nginep ana ing gunung kene;


Yaiku ing nalikane kowe padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu ana ing gunung Horeb, nalika Sang Yehuwah ngandika marang aku: Wong-wong padha klumpukna ana ing ngarsaningSun, supaya padha ngrungokake sakehe pangandikaningSun, temah padha wedi-asih marang Ingsun sajege urip ana ing bumi lan padha mulangake iku marang anak-anake.


Anadene Heber, wong Keni wus pisah karo wong bani Kain, turune Hobab, ipene Nabi Musa, lan wus nancebake tarube ngolah-ngalih nganti tekan ing wit kayu elon ing Zaanaim, sacedhake Kedesy.


Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan