PANGENTASAN 29:9 - Kitab Sutji9 lan sira anggonana sabuk, iya Harun lan anak-anake, tuwin anggonana iket ing sirahe, kalawan mangkono banjur padha kaparingan kalungguhan imam, iku katetepan kanggo ing salawase. Kaya mangkono anggonira misudha Harun dalah anak-anake. Faic an caibideil |
nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”
Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.