Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 29:4 - Kitab Sutji

4 Harun lan anak-anake padha ajokna marang ngarepe lawangan Tarub Pasewakan lan sira wisuhana banyu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 29:4
18 Iomraidhean Croise  

Sarta maneh sira gawea warana ana ing lawangane Tarub, kang kagawe kain wungu tuwa, kain wungu nom, kain jingga lan lena tenunan alus kang mancawarna.


Iku kabeh sira wadhahana cething siji, nuli sira saosna sacethinge, mangkono uga sapine lanang sarta wedhuse lanang loro mau.


Harun lan para anak-anake sira ajokna menyang ing lawanging Tarub Pasewakan, padha sira sucekna klawan banyu.


Sawuse mangkono lawangane Tarub Suci banjur kaparingan geber.


Saben-saben arep lumebet ing Tarub Pasewakan lan samangsa nyelaki misbyah, padha wijik asta lan sampeyan kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.


Sira bakal padha Sunesoki banyu bening, kang bakal ngresikake sira; Ingsun bakal ngresiki sakabehing kanajisanira lan sakehing brahalanira.


Manawa para imam lumebu ing pasucen, ora bakal metu menyang ing plataran njaba, sadurunge cucul sandhangan ana ing kono yaiku sandhangane kang dianggo nalika nganakake pangibadah, amarga sandhangan mau suci. Mulane kudu nganggo sandhangan liyane, sawuse mangkono lagi kena menyang ing panggonane umate Sang Yehuwah.”


Anadene wong kang bakal kabirat najise iku banjur ngumbaha sandhangane, kacukura rambute kabeh sarta adusa, temah birat najise. Sawuse mangkono kena lumebu ing palereban, nanging lereba ana ing sajabane tarube lawase pitung dina.


Wong Lewi banjur sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan; sarta sira dhawuha marang sapasamuwane wong Israel kabeh supaya padha nglumpuk.


supaya dadia suci, sarana diresiki nganggo padusan banyu kang kinanthenan pangandika


bareng ngarepake sore adusa, sarta sasurupe srengenge klilan lumebu ing pakemahan.


ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,


Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.


Samono uga kowe saiki iya padha kapitulungan kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis, kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Gusti Allah supaya kaparingana rumangsaning ati kang becik, marga saka wungune Gusti Yesus Kristus,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan