Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 29:2 - Kitab Sutji

2 roti tanpa ragi lan roti bunder iya tanpa ragi, diolah nganggo lenga, roti tipis tanpa ragi dioseri lenga, kabeh iku kang kagawe kudu glepung gandum pilihan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 29:2
14 Iomraidhean Croise  

Daginge kudu padha dipangan ing bengi iku uga, kapanggang, pamangane karo roti tanpa ragi lan jangan pait.


sira uga njupuka roti tipis siji, roti bunder siji kang kaworan lenga sarta roti tipis siji saka cething kang isi roti tanpa ragi, kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


Iku kabeh sira wadhahana cething siji, nuli sira saosna sacethinge, mangkono uga sapine lanang sarta wedhuse lanang loro mau.


Iku sira kanthenana lenga lan sira tumpangana menyan, iku dadi kurban dhaharan.


Genine kudu tansah dijaga supaya tetep murub ana ing misbyah, aja nganti mati.”


Sadhengah kurban dhaharan kang diolah karo lenga utawa garingan iku dadi pandumane para anake Harun, kabeh oleh panduman.”


Manawa kang kasaosake iku kanggo kurban pamuji sokur, kurbane iku kakanthenana roti bunder tanpa ragi, pangolahe diwori lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, karodene glepung gandum pilihan kaulet lenga.


“Sira ngajaka Harun lan para anake lan njupuka panganggone lan lenga jebad, apadene sapi lanang kurban pangruwating dosa, wedhus gibas lanang loro, sarta kranjang kang isi roti tanpa ragi,


Sabanjure uga mundhut roti bunder siji tanpa ragi lan roti bunder siji kang dioseri lenga, roti tipis siji, saka ing kranjang kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, padha katumpangake ing sakehe gajih lan ing sampil kang tengen mau,


karomaneh roti tanpa ragi sacething, yaiku roti bunder kang glepunge pilihan, pangolahe nganggo lenga, lan roti tipis tanpa ragi kang dioseri lenga, kanthi kurban dhaharan lan kurban-kurban unjukan.


Sawuse mangkono imam njupuka sampile wedhus lanang kang ngarep, kang wus kaolah, karo roti bunder siji tanpa ragi saka ing cething lan roti tipis tanpa ragi, padha katumpangna ing epek-epeke wong nazir kang wus nyukur rambuting kanazirane;


Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowe padha dadi jladren kang anyar, sabab kowe rak pancen tanpa ragi. Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan