Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 29:1 - Kitab Sutji

1 “Anadene anggonira nucekake Harun lan para anake supaya ngimamana lumados marang Ingsun iku patrape mangkene: Sira njupuka sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang loro kang tanpa cacat,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 29:1
23 Iomraidhean Croise  

Kowe rak wus padha nyingkirake para imame Pangeran Yehuwah, para tedhake Imam Harun, apadene para wong Lewi, banjur ngangkat imam-imam manut patrape bangsa-bangsa nagara-nagara liya, satemah saben wong kang teka, supaya diangkat, kalawan nggawa pedhet lanang siji lan wedhus lanang pitu, iku banjur didadekake imam kanggo kang dudu Gusti Allah.


Cempe mau kudu lanang, tanpa cacad, umure sataun, kena milih wedhus gembel utawa wedhus lumrah.


Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.


“Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


Sira ndhawuhana marang sakehe para ahli, kang wus Sunesoki rohing kawasisan, padha konen gawe sandhangane Harun, kanggo nucekake dheweke, supaya dadia imam lumados marang Ingsun.


Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.


Getih kang ana ing misbyah iku kajupuka sathithik karo lengane jebad sathithik, sira kepyurna marang Harun lan ing sandhangane, sarta uga marang anak-anake lan sandhangane. Marga saka mangkono Harun lan sandhangane, banjur bakal dadi suci, samono uga anak-anake lan sandhangane.


Sawuse sira ngrampungake upacara pasucen sira misungsungna sapi lanang enom kang tanpa cacad siji lan wedhus gembel lanang siji panunggalane wedhus-wedhus gembel kang tanpa cacad.


Anadene imam kang nindakake pambirating najis iku banjur mrenahna wong kang bakal kabirat najise iku dalah sakabehing pisungsung ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.


Harun anggone lumebu ing pasucen iku patrape mangkene: nggawaa pedhet siji kanggo kurban pangruwating dosa sarta wedhus gibas lanang siji kanggo kurban obaran,


Apa kang ana cacade aja sira pisungsungake, awitdene iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.


lan saupama kang gawe dosa mau imam kang kajebadan, temah bangsane katut kaluputan, iku nyaosna sapi lanang nom siji kang tanpa cacad, minangka kurban pangruwating dosa konjuk marang Pangeran Yehuwah.


Genine kudu tansah dijaga supaya tetep murub ana ing misbyah, aja nganti mati.”


minangka kurban panebusing kaluputane nyaosna marang Pangeran Yehuwah arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing pepanthane, kang wus dimurwat pangajine, diladekna marang imam kanggo kurban dhendha.


Iya iku pandumane Harun lan pandumane anak-anake saka sakehe kurban genenan kagem Sang Yehuwah, nalika padha dikarsakake dadi imam kagem Pangeran Yehuwah;


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:


sarta ngandika marang Rama Harun: “Kowe dhewe njupuka pedhet, kanggo kurban pangruwating dosa lan wedhus gibas lanang kanggo kurban obaran, karo-karone kang tanpa cacad, nuli saosna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


Marga saka iku ndedongaa mangkene: Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga, Asma Paduka mugi kasucekaken.


Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,


nanging srana getih kang akeh ajine, yaiku rahe Gusti Yesus Kristus kang padha kaya getihing cempe kang tanpa cacad lan tanpa blentong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan