Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 28:9 - Kitab Sutji

9 Karodene sira njupuka sesotya krisopras loro lan ing kono kaukira jenenge para anake Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 28:9
16 Iomraidhean Croise  

Emas weton ing tanah kono iku becik. Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotya soham.


Sabisa-bisaningsun ingsun wus cecawis kanggo padalemaning Gusti Allahingsun, yaiku emas kanggo gawe barang-barang emas, salaka kanggo gawe barang-barang salaka, tembaga kanggo gawe barang-barang tembaga, wesi kanggo gawe barang-barang wesi, lan kayu kanggo gawe barang-barang kayu, sesotya soham lan sesotya kang kanggo ing embanan, sesotya ireng lan sesotya kang manca warna, sarta sawernane sesotya kang larang apadene marmer putih akeh banget.


Milanipun sapunika, panjenengan mugi karsaa ngintunaken satunggaling tiyang ingkang ahli ing bab dedamelan jene, selaka, tembagi, tosan, kain wungu enem, badhe jingga, badhe wungu sepuh, saha ingkang ugi saged damel ukir-ukiran, supados mbiyantu para ahli ingkang wonten ing kula, ing Yehuda saha ing Yerusalem ingkang sampun sami tinuding rama kula Dawud.


Ora kena diregani nganggo emas Ofir utawa nganggo sotya soham kang larang lan manila kang adi,


sotya krisopras lan sesotya tatahan kanggo klambi efod lan tutup dhadha.


Jeneng kang nem ana ing sesotya kang siji, lan kang nem ing sesotya sijine, urut tuwa,


Larikan kang kaping papat: sotya pirus, krisopras lan nefrit, kabeh padha kaembanana mas, kaya mangkono sesotya-sesotya mau dalah embanane.


Apadene sira gawea blebekan mas murni lan ing blebekan iku sira ukirna tulisan patrape kaya ngukir cap, unine: Sesengkerane Pangeran Yehuwah.


Sabuk kang kanggo ningseti kotang efod iku kudu padha panggarape lan kagawe iras-irasan karo kotang efod mau, bakale iya mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.


nggosok sesotya supaya kena dipasang; ngukir kayu sarta nindakake sarupane gegawean.


larikan kaping pat: sesotya pirus, krisopras lan nefrit, kabeh padha kawengku ing mas, dadi sesotya-sesotya iku padha didokoki embanan.


Wong-wong mau banjur padha nggarap sesotya krisopras, kang kaembanan mas, kaukir namane para putrane Rama Israel, patrape kaya ngukir cap.


– Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka, kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah, mulad-muladipun kados urubing latu, kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah!


Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun, tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun.


Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allah kang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine: jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo, sesotya pirus, krisopras lan nefrit, lazurit, sesotya mirah lan malakit. Embanane kang kagawe emas lan iku dicawisake ing dina sira katitahake.


Ing dina iku bakal padha kaparingan pitulungan dening Pangeran Yehuwah Allahe, sabab padha dadi kayadene pepanthaning umate, lan bakal padha dadi kaya barleyan mripating makutha kang pating glebyar, kaya mangkono kaanane ana ing tanahing Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan