Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 28:8 - Kitab Sutji

8 Sabuk kang kanggo ningseti kotang efod iku kudu padha panggarape lan kagawe iras-irasan karo kotang efod mau, bakale iya mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 28:8
10 Iomraidhean Croise  

Kotang efod iku ana pundhakane tangkeban loro, kang kagawe nangkebake ana ing kiwa lan ing tengen.


Karodene sira njupuka sesotya krisopras loro lan ing kono kaukira jenenge para anake Israel.


Sawuse mangkono sira njupuka sandhangane, sarta Harun sira anggonana kemejan, jubahing klambi efod lan kotang efod apa maneh tutup dhadha; tumuli efod sira singsetana klawan sabuk klambi efod;


Sabuke kotang efod iku iras-irasan, panggawene padha karo kotang efod, yaiku: mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih, kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.


panjenengane ora bakal nyimpang saka ing kabeneran lan kasetyan, kayadene sabuk kang tetep tumali ing bangkekan.


Sawuse mangkono tumuli diagemi kemejan lan sabuk apadene jubah, diagemi kotang efod tuwin dipaningseti nganggo sabuk efod,


Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.


Sarta ing tengah-tengahe padamaran pitu mau ana kang madha warna Putraning Manungsa, ngagem jubah kang dawane nganti klengsreh tekan ing sampeyane, lan jajane apaningset emas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan