7 Kotang efod iku ana pundhakane tangkeban loro, kang kagawe nangkebake ana ing kiwa lan ing tengen.
Pucuke rante loro iku kaolehna ing embanan loro mau; kaya mangkono anggonira masang iku ana ing pundhakaning efod kaprenah ana ing ngarep.
Kotange efod kang digawe kudu mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, bakal jingga lan lena tenunan alus kang benange kaantih, garapaning ahli.
Sabuk kang kanggo ningseti kotang efod iku kudu padha panggarape lan kagawe iras-irasan karo kotang efod mau, bakale iya mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.
Pucuke rante untiran loro iku padha diolehake ing embanan loro kang kasebut mau, dietrapake ing tutupe pundhak kotang efod ing sisih ngarep.
Kotang efod iku dietrapi tutup-pundhak, kang digandhengake karo efod iku, ana ing pojoke loro-lorone.