“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.
Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim.
Mas mau tumuli ditanjakake Gidheon kanggo gawe efod, kang banjur diprenahake ana ing kuthane, ing Ofra. Wong Israel kabeh banjur padha tumindak sedheng klawan nyembah efod mau ana ing kono, sarta iku dadi kalajiret tumrap Sang Gidheon dalah saisining daleme.