Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 28:41 - Kitab Sutji

41 Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 28:41
24 Iomraidhean Croise  

“Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


Iki sandhangan kang kudu digawe: tutup dhadha, kotang efod, jubah, kemejan tenunan endah, serban lan sabuk, yaiku sandhangan kang suci kanggo kakangira Harun lan anak-anake, supaya padha ngimamana lumados marang Ingsun.


Iku kabeh sira selehna ing epek-epeke Harun lan epek-epeke anak-anake, tumuli sira saosna kabeh dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.


Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake.


Sawuse mangkono sira njupuka lenga jebad kaesokna ing sirahe, dadi sira jebadana.


lan sira anggonana sabuk, iya Harun lan anak-anake, tuwin anggonana iket ing sirahe, kalawan mangkono banjur padha kaparingan kalungguhan imam, iku katetepan kanggo ing salawase. Kaya mangkono anggonira misudha Harun dalah anak-anake.


Kabeh mau sira dadekna dupa, dadi campuran bumbu-bumbu kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu, nganggo diwori uyah, tanpa campuran liyane, dadia suci.


Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.


nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”


Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,


Pitung dina lawase anggone kudu nebus lan nucekake misbyah iku; mangkono iku patrape anggone ngresmekake misbyah mau.


Kowe aja padha lunga-lunga saka ing lawangane Tarub Pasewakan, supaya kowe aja nganti padha nemahi pati, marga kowe padha kadunungan lenga jebade Sang Yehuwah.” Imam Harun lan para putrane padha nindakake apa sadhawuhe Nabi Musa.


Banjur adusa ana ing papan kang suci, nuli nganggoa sandhangane dhewe, sarta metua nyaosna kurban obarane dhewe lan kurban obaran sesaosane umat; sarana patrap mangkono anggone nganakake pirukun kanggo awake dhewe lan kanggo umat.


sawuse tumuli ngandika marang Korakh lan marang grombolane kabeh: “Sesuk Pangeran Yehuwah bakal maringi katrangan sapa kang dadi kagungane, lan sapa kang suci, iya iku kang dililani sowan ing ngarsane; wong kang bakal kapilih, bakal diparengake sowan ing ngarsane.


Iku mau asmane para putrane Rama Harun, imam-imam kang padha kajebadan, lan wus katetepake supaya nindakake kaimaman.


Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates.


Sarta ora ana wong kang ngalap drajat iku kanggo awake dhewe, nanging katimbalan dening Gusti Allah kaya kang wis kalakon tumrap Imam Agung Harun.


Sabab angger-anggering Toret iku netepake para wong kang nandhang kaapesan dadi imam agung, nanging supaos, kang kalairake sawuse angger-anggering Toret, iku njumenengake Sang Putra, kang wus sampurna ing salawas-lawase.


Balik kowe iku wus padha kajebadan dening Kang Suci, marga saka mangkono kowe padha nyumurupi samubarang.


Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang – lan piwulange iku nyata, ora goroh – lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan