Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 28:34 - Kitab Sutji

34 dadi saben klinthingan mas siji delimane siji, ana ing pinggiraning jubah mau mubeng.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 28:34
15 Iomraidhean Croise  

Kaleresan kaliyan kaadilan dados tetalesing dhampar Paduka, sih-kadarman miwah kasetyan sami lumampah wonten ing ngarsa Paduka.


Ing pungkasane jubah iku kaetrapana rerekan delima lawe wungu tuwa, lawe wungu nom lan lawe jingga mubeng temu gelang, kaseling-seling karo klinthingan mas,


Jubah iku dianggoa Harun samangsa nindakake pangibadah, lan unine klinthingan mas mau bisaa keprungu samangsa lumebu pasucen marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan uga samangsa metu, supaya aja nemahi pati.


Jubahe efod iku yasane tukang tenun, kang kagawe bakal wungu tuwa kabeh.


dadi saben klinthingan siji, delimane siji selang-seling ing pinggire jubah mubeng, kanggone samangsa nindakake pangibadah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.


– Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-noman kaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas. Aku kepengin lungguh ana ing ayome, wohe legi tumrap ing cethakku.


Trubusan-trubusanmu iku pakebonan wit delima, kang enak wohe, kembang pacar lan nared,


Lambemu lir pita jingga, tutukmu endah. Pilinganmu katon lir woh delima sinigar ana ing sangisoring kudhungira.


Aku mudhun menyang pakebonan kenari, ndeleng kuncup-kuncup ing lebak, niliki apa wite anggur wus kuncup lan wit-wite dlima apa wis kembang.


Pilinganmu kaya woh dlima sinigar, ana ing ngisoring kudhungmu.


Paduka badhe kawula kanthi lan kawula dherekaken dhateng griyanipun ibu kawula, supados Paduka memulang dhumateng kawula. Paduka badhe kawula caosi anggur ingkang arum manawi kaunjuk, duduhing wohipun dlima kawula.


Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.


temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan