Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 28:2 - Kitab Sutji

2 Kakangira Harun iku sira gawekna sandhangan kang suci, minangka rerengganing kaluhuran.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 28:2
36 Iomraidhean Croise  

“Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira. Iku mangan suket kaya sapi.


Para imame bakal Sunsandhangi karahayon, sarta para wonge kang mursid bakal padha surak-surak marga saka bungahe.


Para imam Paduka mugi sinandhangana ing kaleresan, saha para kekasih Paduka sami surak-suraka!


awitdene Pangeran Yehuwah karenan marang umate, para wong andhap-asor bakal dimakuthani kalawan karahayon.


kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane, karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.


Uga para anake Harun iku iya sira gawekna kemejan lan sabuk, iya gawekna kopyah kang minangka rerenggan kamulyan.


Iku dadia pandumane Harun lan anak-anake miturut tatanan kanggo wong Israel ing salawas-lawase, awitdene iki pisungsung kusus, mulane iku kudu dadi pisungsung kusus saka wong Israel, kang kajupuk saka kurbane slametan, dadi pisungsung kusus konjuk marang Sang Yehuwah.


mangkono uga panganggon dhines, sandhangan suci kanggo Harun sarta sandhangane para anake kang padha dadi imam,


Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.


Ing nalika iku trubusan kang dithukulake dening Sang Yehuwah bakal dadi kaendahan lan kamulyan, lan pametuning bumi dadi kaagungan lan kamulyan tumrap para wong Israel kang padha bisa oncat.


Tangia, tangia! Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion! Anggonen sandhanganmu kang endah, he Yerusalem, kutha kang suci! Amarga ora ana wong kang ora tetak utawa kang najis, kang bakal lumebu maneh ing jeromu.


Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.


ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.


Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najis saha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged; kawula sadaya sami dados alum kados ron tuwin sami sirna margi saking piawon kawula kados ron ingkang kasirnakaken ing angin.


Karodene Nabi Musa iya mundhut lenga jebad mau sathithik lan getih kang ana ing misbyah sathithik, dikepyurake ing sarira lan pangagemane Rama Harun dalah para putrane. Dadi Rama Harun lan pangagemane, para putrane dalah pangagemane padha kasucekake kalawan patrap mangkono iku.


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.


yaiku kabeneraning Allah kang awit saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane.


Awit kowe kabeh, kang padha kabaptis ana ing Sang Kristus, wus padha ngrasuk marang Sang Kristus.


Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.


Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,


Aku padha nyipati anggone Panjenengane tampa kaurmatan lan kamulyan saka Gusti Allah Sang Rama, nalika katedhakan swara saka Kang Mahaluhur, kang ngandika: “Iki PutraningSun kekasih, kang ndadekake keparenging panggalihingSun.”


He, para kekasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kapriye bakal kaanan kita ing tembe. Mung bae kita padha sumurup, manawa Sang Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengane, amarga kita bakal padha ndeleng kaanane Panjenengane ing sajatine.


Sarta pangantene putri kaparingan pangageman mori alus kang putih resik gumilap!” (Anadene mungguh mori alus iku ngibarati kautamane para suci).


sarta Paduka dadosaken karajan lan imam sumaos ing Allah kita, sarta sami badhe dados ratu wonten ing bumi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan