Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 28:12 - Kitab Sutji

12 Sesotya loro iku kapasanga ana ing pundhakane kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel; Harun kang kudu nggawa jenenge ana ing pundhake marang ing ngarsaning Sang Yehuwah sarta dadia pangeling-eling.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 28:12
23 Iomraidhean Croise  

Temenan, layang iku bakal dakpanggul lan dakanggo kayadene makutha.


Awitdene tetameng kawula sadaya punika kagunganipun Pangeran Yehuwah, saha ratu kawula punika kagunganipun Gusti Allahipun Israel, ingkang suci.


Anadene dina iku dadia dina pangeling-eling tumrap sira, padha sira dadekake riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadekna pranatan kanggo ing salawase.


Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.


patrape kaya juru ngukir sesotya, saemper ngukir cap, kaya mangkono anggonira ngukir jenenge para anake Israel ana ing sesotya loro mau; banjur sira wenehana embanan mas.


Mangkono Harun anggone ngemban jenenge para anake Israel ana ing sadhuwuring atine dumunung ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku samangsa lumebu ing pasucen, supaya dadia pangeling-eling kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.


Kotang efod iku ana pundhakane tangkeban loro, kang kagawe nangkebake ana ing kiwa lan ing tengen.


Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”


Ing dhuwure tembok-tembokira, he Yerusalem, wus Sunpasangi wong jaga. Ing sadina-dina lan ing sawengi-wengine, iku padha ora tau meneng. He kowe kang kudu ngengetake Pangeran Yehuwah marang Sion, kowe aja padha mung meneng bae


Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.


Saben satumpuk dokokana menyan kang tulen; menyan iku dadia pangenget-enget tumrap ing roti mau, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.


Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Bareng Nabi Musa lan Imam Eleazar wus nampeni mas iku saka para panewu lan panatus, mas iku banjur dilebokake ing Tarub Pasewakan, kanggo pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


Panjenengane nulungi Israel, abdine, awit enget marang rahmate,


Supaya leluhur kita bisa nyumerepi sih-rahmate lan anggone enget marang prajanjiane kang suci,


Kornelius mandeng marang malaekat mau lan matur kalawan wedi: “Wonten punapa, Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau: “Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ing ngarsaning Allah sarta Gusti Allah enget marang kowe.


lan sauwise saos sokur, tumuli dicuwil-cuwil sarta ngandika: “Iki badanKu, kan kaulungake marga saka kowe; iki padha tindakna minangka pangeling-eling marang Aku!”


Tumrap Benyamin iku pangandikane: “Iku kekasihe Sang Yehuwah, kang tentrem pamanggone ana ing ngarsane. Sang Yehuwah kang tansah ngayomi sarta dedalem ana ing ereng-erenging gununge.”


Kowe nuli padha kandhaa: Menawa banyune bengawan Yarden kapedhot ana ing ngarepe pethi prasetyaning Yehuwah; nalika pethi iku nyabrang ing bengawan Yarden, banyune bengawan iku tumuli kapedhot. Mulane watu-watu iki padha dadia pangeling-eling marang wong Israel ing salawase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan