Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 28:11 - Kitab Sutji

11 patrape kaya juru ngukir sesotya, saemper ngukir cap, kaya mangkono anggonira ngukir jenenge para anake Israel ana ing sesotya loro mau; banjur sira wenehana embanan mas.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 28:11
16 Iomraidhean Croise  

tinatahana kalawan wesi pangukir lan timbel ana ing gunung parang kanggo ing salawas-lawase.


Jeneng kang nem ana ing sesotya kang siji, lan kang nem ing sesotya sijine, urut tuwa,


Sesotya loro iku kapasanga ana ing pundhakane kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel; Harun kang kudu nggawa jenenge ana ing pundhake marang ing ngarsaning Sang Yehuwah sarta dadia pangeling-eling.


Sesotya iku kaetrapana jenenge para anake Israel, mulane cacahe kudu rolas. Lan ing saben sotya diukirna jenenge, niji miturut taler rolas, kaya patrape gawe cap.


Pucuke rante loro iku kaolehna ing embanan loro mau; kaya mangkono anggonira masang iku ana ing pundhakaning efod kaprenah ana ing ngarep.


Apadene sira gawea blebekan mas murni lan ing blebekan iku sira ukirna tulisan patrape kaya ngukir cap, unine: Sesengkerane Pangeran Yehuwah.


larikan kaping pat: sesotya pirus, krisopras lan nefrit, kabeh padha kawengku ing mas, dadi sesotya-sesotya iku padha didokoki embanan.


Pucuke rante untiran loro iku padha diolehake ing embanan loro kang kasebut mau, dietrapake ing tutupe pundhak kotang efod ing sisih ngarep.


Wong-wong mau banjur padha nggarap sesotya krisopras, kang kaembanan mas, kaukir namane para putrane Rama Israel, patrape kaya ngukir cap.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Demi Ingsun agesang, malah sanadyan Khonya bin Yoyakim, raja ing Yehuda iku dadi sesupe cap ana ing astaningSun tengen, ewadene sira bakal Suncopot!


Mungguh watu adi kang wus Sunpasrahake marang Yusak iku saben watu siji ana mripate pitu, sarta Ingsun bakal natahi ukir-ukirane. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. – Apamaneh Ingsun bakal ngicali durakane nagara iku mung ing sajroning sadina.


Ana ing Panjenengane kowe kabeh, – awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon – iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.


Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.


Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”


Sarta aku ndeleng malaekat liyane njedhul saka ing panggonan mletheking srengenge. Panjenengane ngampil cape Gusti Allah kang gesang, lan banjur nguwuh kanthi swara seru marang malaekat papat kang padha kaparingan kawajiban ngrusak bumi lan sagara,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan