Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 28:1 - Kitab Sutji

1 “Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 28:1
33 Iomraidhean Croise  

Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun lan Nabi Musa; Rama Harun kapatah ngurus apa kang suci pinunjul, iya iku panjenengane dalah para turune, nganti ing salawas-lawase, yaiku ngobong kurban ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, lelados marang Panjenengane sarta andum berkah demi asmane, nganti ing salawas-lawase.


Rama Yohanan peputra Azarya; iku kang dadi imam ana ing Padaleman Suci, yasane Sang Prabu Sulaeman ana ing Yerusalem.


bin Elkana bin Yeroham bin Eliel bin Toah


Para wong Lewi anggone padha ninggal panggonane lan barang darbeke lan banjur padha menyang ing Yehuda lan Yerusalem iku, marga Sang Prabu Yerobeam sarta para putrane padha ora marengake wong-wong mau padha dadi imaming Yehuwah,


He turune Imam Harun! Kumandela marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.


Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.


Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.


Nabi Musa lan Rama Harun banjur padha minggah ing gunung, mangkono uga Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh,


Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.


“Anadene anggonira nucekake Harun lan para anake supaya ngimamana lumados marang Ingsun iku patrape mangkene: Sira njupuka sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang loro kang tanpa cacat,


Mangkono Ingsun bakal nucekake Tarub Pasewakan lan misbyah iku, sarta Harun lan anak-anake iya bakal Sunsucekake, supaya padha dadia imam lumados marang Ingsun.


lan sira anggonana sabuk, iya Harun lan anak-anake, tuwin anggonana iket ing sirahe, kalawan mangkono banjur padha kaparingan kalungguhan imam, iku katetepan kanggo ing salawase. Kaya mangkono anggonira misudha Harun dalah anak-anake.


Harun lan para anake iya padha sira jebadana sarta sira sucekna supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun.


mangkono uga panganggon dhines, sandhangan suci kanggo Harun sarta sandhangane para anake kang padha dadi imam,


sandhangan dines kanggo ngladeni ana ing pasucen, lan sandhangan suci panganggone Imam Harun lan sandhangane para anake kanggo ngimami.”


Anak-anake Korakh: Asir, Elkana lan Abiasaf, iku gotrahe wong Korakh.


Kacarita para putrane Imam Harun, Nadab lan Abihu, padha njupuk padupane, diiseni geni sarta ditumpangi dupa. Marga saka iku dadi padha nggawa geni liya marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nyulayani kang dadi dhawuhe.


Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun, Eleazar lan Itamar, para putrane kang isih kari: “Padha njupuka kurban dhaharan turahane sakehe kurban genenan kang kagem Pangeran Yehuwah, iku nuli panganen ana ing sandhinge misbyah kaya dene roti tanpa ragi; awit iku panduman kang suci pinunjul.


Iya iku pandumane Harun lan pandumane anak-anake saka sakehe kurban genenan kagem Sang Yehuwah, nalika padha dikarsakake dadi imam kagem Pangeran Yehuwah;


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:


“Sira ngajaka Harun lan para anake lan njupuka panganggone lan lenga jebad, apadene sapi lanang kurban pangruwating dosa, wedhus gibas lanang loro, sarta kranjang kang isi roti tanpa ragi,


nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”


Balane kang kacacahake iku ana pitung puluh papat ewu nem atus.


Nanging Imam Nadab lan Abihu iku seda nalika padha ngunjukake geni kang dudu mesthine ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Ing sawijining dina, nalika pinuju giliraning golongane, Zakharia ngimami ana ngarsaning Pangeran.


Wong Israel tumuli padha budhal saka Beerot Bene-Yaakan menyang ing Mosera; ana ing kono Kamas Harun seda lan disarekake iya ana ing kono, dene kang putra Eleazar kang nggenteni dadi imam.


Marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus milih wong iku saka ing antarane sakehe talermu, supaya tansah ngladeni Sang Yehuwah lan nganakake pangibadah, iya dheweke lan para anake salawas-lawase.


Lan Ingsun wus miji saka ing antarane taler Israel kabeh dadi imam kagem Ingsun, supaya saos kurban ana ing misbyahingSun, ngobong dupa lan manganggo efod ana ing ngarsaningSun; golonganira wus Sunpasrahi sakehing kurbane genenan wong Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan