Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 27:9 - Kitab Sutji

9 “Sira gawea platarane Tarub Suci; ing sisih kidul plataran iku anaa gebere lena tenunan alus kang benange kaantih, dawane sasisih satus asta.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 27:9
29 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu banjur yasa tembok plataran njero nganggo watu tatahan sap telu lan nganggo kayu eres tatahan sasap.


Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau.


Sarta uga damel misbyah-misbyah kanggo wadya-bala ing langit kabeh ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah karo pisan.


Banjur uga damel plataraning para imam lan plataran amba, apadene lawang-lawanging plataran iku; lawang-lawang mau kalapis tembaga.


Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.


ing platarane padalemaning Pangeran Yehuwah, ana ing satengahmu, he Yerusalem! Haleluya!


Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa mirsani tetameng kawula sadaya, mugi karsaa mirsani dhumateng wedananipun jebadan Paduka!


Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma, sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon;


Cagake kabeh kudu rong puluh, ompake tembaga iya rong puluh, canthelane cagak lan sambungane iku salaka.


geber plataran, cagake, ompake lan klambu gapura plataran;


Banjur gawe kolongan tali seket kaetrapake ing pinggiring tendha sambungan kang siji ana ing pungkasan, lan kolongan seket ing pinggiring tendha sijine.


klambu plataran, cagak saompake, geber kanggo gapuraning plataran, tali dalah pathoke, sakehe piranti kang kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan,


Cagak-cagake plataran nuli kaadegake ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, sarta gapura plataran iku banjur kapasangan klambu. Mangkono Nabi Musa anggone ngrampungake pagawean iku.


Sawuse mangkono sira gawea platarane mubeng, lan wranane kapasanga ana ing gapurane plataran.


Bangsaling gapura uga kaukur: rong puluh asta; ing sakubenge bangsal iku ana platarane.


Aku banjur kabekta menyang ing plataran njaba, lah ing sakubenge plataran kono ana kamar-kamare, gunggunge telung puluh. Lan kamar-kamar iku dumunung ana ing sadhuwure srasahan.


lah ing kono ana gapura kang madhep ngalor, dumunung ing plataran njaba. Amba-dawane banjur kaukur.


Ing plataran njero ana gapurane kang arep-arepan karo gapura lor, kayadene gapura wetan; panjenengane nuli ngukur wiwit ing gapura kang siji tekan ing gapura candhake: satus asta.


Aku banjur dibekta menyang ing plataran njero ngliwati gapura kidul lan panjenengane tumuli ngukur gapura iku, ukurane padha bae karo liya-liyane.


Aku nuli dibekta menyang ing plataran njero sisih wetan lan panjenengane banjur ngukur gapura kang ana ing kono, tinemune ukurane padha bae karo liya-liyane.


Aku banjur kabekta menyang ing plataran njero, lah ing kono ana kamare loro, kang siji dumunung ing sandhing gapura lor, marep mangidul, sijine sandhing gapura kidul, marep mangalor.


Arep-arepan karo kang rong puluh asta saka ing plataran jero lan arep-arepan karo srasahan kang dumunung ing plataran njaba ana empere arep-arepan sungsun telu.


geber ing plataran lan wrananing plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, tali-taline, lan liya-liyane kang magepokan karo sakabehe mau.


geber-gebering plataran karo wrananing gapura plataran kang ana ing saubenge Tarub Suci apadene misbyah, tali-taline lan sarupane piranti kang kanggo ing gawe; wong-wong iku padha nindakna sakehing bubuhan kang magepokan karo iku mau kabeh.


cagake plataran mubeng, ompake, pathok-pathoke lan tali-taline, dalah sapirantine; iku kabeh klebu kuwajibane. Dene piranti kang kudu diusung iku tuduhna peprincene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan