8 Misbyah iku kang sira gawe blabag ing jero growong, kaya anggonira wus kaparingan pitedah ana ing gunung, mangkono anggonira padha nggarap misbyah iku.”
Sang Prabu banjur masrahake marang Pangeran Suleman, kang putra, rancangan cengkoronganing pandhapane Padaleman suci dalasan gedhong-gedhonge, gedhong pasimpenan, kamar-kamar ndhuwur lan kamar-kamar ing jero sarta kamar kanggo tutup-pangruwatan.
Pangandikane Sang Prabu Dawud: “Iku kabeh tinemu ana ing tulisan, kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang ingsun, kang isi pitedah bab sakehe pagawean kang kudu dilakoni samangsa nindakake rancangan iku.”
Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.
Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”