Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 27:3 - Kitab Sutji

3 Sarta sira uga gawea wadhah-wadhah kanggo mbuwangi awune, apadene sorok lan bokor kanggo nyirami, cukit lan anglone; sakehe piranti iku kudu tembaga kang sira gawe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 27:3
17 Iomraidhean Croise  

Sabanjure Hiram uga gawe kwali, sorok lan bokor panyiraman. Mangkono anggone Hiram ngrampungake sakehing pagawean kang kudu katindakake kagem Sang Prabu Suleman kanggo padalemane Sang Yehuwah,


kwali-kwali, sorok-sorok lan bokor-bokor panyiraman. Kabeh piranti kang digawe dening Hiram awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Sang Yehuwah iku kang digawe tembaga sinangling.


Bokor-bokore, lading-ladinge lan bokor-bokore panyiraman, piring-piringe lan padupan-padupane, iku kang kagawe emas murni, esel-esele lawang kamar njero, yaiku papan sucining-asuci lan esel-esele lawang kamar gedhe ing Padaleman Suci, uga emas.


Kwali-kwali, sorok-sorok, lading-lading lan piring-piring sarta sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake tata pangibadah, padha dijupuki,


uga padupan-padupan lan bokor-bokor panyiraman, kang emas utawa kang selaka, iku padha dibektani dening panggedhening prajurit tamtama mau.


sateruse uga emas murni kanggo gawe porok; lan bokor panyiraman sarta kendhi, uga kanggo gawe tuwung emas, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung, apadene salaka kanggo gawe tuwung salaka, bobote sepira kang dibutuhake kanggo gawe siji-sijine tuwung;


Huram iya gawe kwali, susuk tuwin bokor-bokor panyiraman. Mangkono Huram anggone ngrampungake pagawean kang kudu katindakake awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Allah,


Kwali-kwali, susuk-susuk, porok-porok lan sakehe piranti liyane kang digawe dening Huram-Abi awit saka dhawuhe Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Yehuwah iku bakale tembaga sanglingan.


Sawuse iku Nabi Musa banjur mundhut getihe sabagean, diwadhahi bokor, sabagean maneh dikepyurake ing misbyah mau.


Anadene mungguh sakehe piranti kanggo ngedegake Tarub Suci, mangkono uga sakehe pathoke dalasan pathoke plataran, iku kudu tembaga kabeh.”


Sungune sira gawea ana ing pojokane papat; iku ginawea iras-irasan karo misbyahe, misbyah iku kudu sira lapis ing tembaga.


Lan maneh sira gawekna krawangan tembaga adhapur jala, krawangan iku ing pojoke papat pisan sira wenehana gelangan tembaga patang iji,


Karomaneh iya gawe sakehe pirantine misbyah mau, arupa: kuwali, sorok, bokor panyiraman, porok apadene anglo; iku kabeh kang digawe tembaga.


banjur njupuka padupan kaisenana mawa mengangah saka ing misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah nganti kebak, apadene njupuka dupa racikan wangi kang alus rong gegem digawaa lumebu menyang ing saburine geber.


ing sadhuwure katumpangna sakehe piranti kang kanggo ing gawe, yaiku: anglo, porok, sarta sorok, bokor panyiraman apadene sakehe pirantining misbyah, banjur dilarabana lulang dhuyung, sawuse iku kaetrapana ing pikulaning misbyah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan