PANGENTASAN 27:21 - Kitab Sutji21 Ing sajrone Tarub Pasewakan ing sajabane geber kang ngaling-alingi pethining angger-angger, ing kono Harun lan anak-anake kang nata padamaran mau ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah wiwit sore nganti esuk. Iku pranatan kang tumindak turun-tumurun kanggo wong Israel.” Faic an caibideil |
yaiku saben esuk lan sore padha ngobong kurban obaran lan dupa wangi kagem Pangeran Yehuwah, sarta roti sesaosan ana ing meja kang suci, tuwin nata padamaran emas sadamar-damare, kang disumed ing saben sore, amarga aku kabeh kang tansah nindakake kawajibanku kang tumuju marang Sang Yehuwah, Gusti Allahku, nanging kowe kabeh iku kang padha ninggal Panjenengane.
Marga saka iku aku padha saya kasantosakake dening pangandika kang wis kalairake dening para nabi. Saiba becike, manawa kowe padha nggatekake bab iku, kayadene nggatekake damar kang madhangi panggonan kang peteng, nganti gagat raina sarta jumedhule lintang panjer esuk kang sumunar ana ing sajroning atimu.