Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 27:2 - Kitab Sutji

2 Sungune sira gawea ana ing pojokane papat; iku ginawea iras-irasan karo misbyahe, misbyah iku kudu sira lapis ing tembaga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 27:2
19 Iomraidhean Croise  

Kacarita Pangeran Adhonia ajrih marang Sang Prabu Suleman, mulane banjur enggal-enggal tindak lan nyepeng sungu-sunguning misbyah.


Bareng pawarta mau kapireng dening Senapati Yoab – senapati Yoab iku pancen ngeloni Pangeran Adhonia, sanadyan ora ngeloni Pangeran Absalom – dadine Sang Yoab banjur mlajeng menyang ing tarube Sang Yehuwah lan nyepeng sunguning misbyah.


Ing dina iku uga Sang Prabu nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemane Sang Yehuwah, amarga iya ana ing kono iku anggone panjenengane nyaosake kurban obaran, kurban dhaharan lan sakehe gajihe kurban slametan, amarga misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah iku keciliken manawa kanggo ndekekake kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajihe kurban slametan mau.


Nanging Sang Prabu banjur dhawuh supaya misbyah tembaga kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah kasingkirake saka ing ngarepe padalemaning Sang Yehuwah, saka ing antarane misbyah anyar lan padaleman mau, lan supaya kadekekna ing salore misbyah anyar.


Sang Prabu nuli yasa misbyah tembaga kang dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta, lan dhuwure sepuluh asta.


Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane paring pepadhang marang kita, kurbane riyaya cancangen kalawan tali ing sungu-sungune misbyah.


Sarta sira uga gawea wadhah-wadhah kanggo mbuwangi awune, apadene sorok lan bokor kanggo nyirami, cukit lan anglone; sakehe piranti iku kudu tembaga kang sira gawe.


Sira banjur njupuka getihe sapi lanang mau sathithik, leletna ing sungune misbyah kalawan drijinira, dene getih turahane sira esokna kabeh ing misbyah perangan ngisor.


Tembaga mau dianggo gawe ompake lawang Tarub Pasewakan, misbyah dalah krawangane lan sakehe pirantine misbyah mau,


Prapen mau dhuwure patang asta lan ana sungune papat.


Sawuse mangkono nuli metua maranana misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta nganakna pirukun kanggo misbyah iku; dheweke njupuka getihe sapi lanang lan getihe wedhus gembel mau sathithik dileletna ing sungune misbyah mubeng.


Karodene getih mau salong dileletna ing sunguning misbyah kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan, lan getih kekarene kasuntaka kabeh ing perangane ngisor misbyah kurban obaran, kang ana ing sangarepe lawang Tarub Pasewakan.


Imam banjur njupuka getihe kurban pangruwating dosa iku sathithik nganggo driji, kaleletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran.


Sawuse mangkono getih mau salong dileletna ing sungune misbyah padupan racikan bumbu-bumbu, kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan.


sapine nuli disembeleh, Nabi Musa banjur mundhut getihe dileletake klawan driji ana ing sungu-sunguning misbyah mubeng, kanthi patrap mangkono misbyah mau dadi kasucekake saka dosa; getih turahane diesokake ana ing sikile misbyah. Misbyahe dadine kasucekake kalawan patrap mangkono iku lan kaolehake pirukun.


Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal ngayomi umate, temah iku bakal nyirnakake lan ngidak-idak watu-watu bandhil. Bakal padha ngombe getih kaya anggur, lan padha dadi kebak kaya bokor siraman, kaya pojok-pojoking misbyah.


Bubuhane ngrumat: pethi, meja, padamaran, misbyah lan piranti ing pasucen kang dianggo pangibadah, apadene geber, lan liya-liyane kang magepokan karo pagawean mau kabeh.


supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pangarep-arep kang kagantungake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan