Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 27:19 - Kitab Sutji

19 Anadene mungguh sakehe piranti kanggo ngedegake Tarub Suci, mangkono uga sakehe pathoke dalasan pathoke plataran, iku kudu tembaga kabeh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 27:19
14 Iomraidhean Croise  

Lan ing samangke, saweg kemawon kawula sami ngraosaken sih-palimirma paringipun Sang Yehuwah Gusti Allah kawula, ingkang nilari kawula tiyang ingkang sami oncat, saha maringi papan padunungan wonten ing panggenan ingkang suci, satemah mripat kawula sami kadadosaken padhang dening Gusti Allah, sarta kawula sami kaparingan lega sakedhik ing salebetipun pangawulan kawula.


Dawane plataran kudu satus asta, ambane seket asta lan dhuwure limang asta, awujud lena tenunan alus kang benange kaantih, sarta ompake tembaga.


“Karodene sire ndhawuhana marang wong Israel, supaya padha ngladekna lenga jaitun dheplokan kang tulen kanggo padamaran, supaya damare tansah murub.


Sarta sira uga gawea wadhah-wadhah kanggo mbuwangi awune, apadene sorok lan bokor kanggo nyirami, cukit lan anglone; sakehe piranti iku kudu tembaga kang sira gawe.


pathoke Tarub Suci lan pathoke plataran dalah taline;


Anadene sakehe pathok kang kanggo ing Tarub Suci lan plataran iku padha tembaga.


ompak-ompak ing saubenge plataran, ompaking gapurane plataran iku, sakehe pathok-pathoking Tarub Suci lan sakehe pathok plataran ing saubenge.


klambu plataran, cagak saompake, geber kanggo gapuraning plataran, tali dalah pathoke, sakehe piranti kang kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan,


Tembung-tembunge wong wicaksana iku kayadene kawat eri lan keklumpukane tulisane kaya paku-paku kang tumancep, pawewehe sawijining pangon.


Padha mawasa Sion, kuthaning pahargyan kita! Mripatira bakal ndeleng Yerusalem, papan panggonan kang tentrem, tarub kang ora kaelih-elih, kang pathoke ora bakal kabedhol ing salawase, lan kang dhadhunge ora bakal pedhot.


Saka ing turune Yehuda iku bakal muncul watu pojokan, saka turun iku bakal muncul pathoking tarub, saka turun iku bakal muncul gandhewa perang, lan iya saka turun iku bakal jumedhul bebarengan sakehing wong kang nyekel pangwasa.


uga cagake plataran mubeng dalah ompake, pathoke lan tali-taline.


cagake plataran mubeng, ompake, pathok-pathoke lan tali-taline, dalah sapirantine; iku kabeh klebu kuwajibane. Dene piranti kang kudu diusung iku tuduhna peprincene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan