18 Dawane plataran kudu satus asta, ambane seket asta lan dhuwure limang asta, awujud lena tenunan alus kang benange kaantih, sarta ompake tembaga.
“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.
Sakehe cagak kang ana ing saubenge plataran mau padha kaetrapana sambungan salaka, lan canthelane iya salaka, dene ompake tembaga.
Anadene mungguh sakehe piranti kanggo ngedegake Tarub Suci, mangkono uga sakehe pathoke dalasan pathoke plataran, iku kudu tembaga kabeh.”