10 Cagake kabeh kudu rong puluh, ompake tembaga iya rong puluh, canthelane cagak lan sambungane iku salaka.
Mangkono uga ing sisih lor, turut ujure iya nganggoa geber dawane padha satus asta, sarta cagake rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, nanging canthelane lan sambungane iku salaka.
“Sira gawea platarane Tarub Suci; ing sisih kidul plataran iku anaa gebere lena tenunan alus kang benange kaantih, dawane sasisih satus asta.
anadene sakane lima lan ana canthelane kanggo cagak-cagak mau; pojoke lan sambungane padha diblongsong ing mas, dene ompake lima iku tembaga.
cagake klambu rong puluh lan ompake iya rong puluh padha tembaga, nanging canthelane cagak lan sunduke selaka.
ompak-ompak ing saubenge plataran, ompaking gapurane plataran iku, sakehe pathok-pathoking Tarub Suci lan sakehe pathok plataran ing saubenge.
Dene saka-saka iku, saka siji dhuwure wolulas asta lan dibuleti lawe kang dawane rolas asta, kandele patang nyari lan ing jerone growong.